Indhonésia dumadi saka atusan golongan ètnis lan linguistik asli. Golongan ètnis gedhé dhéwé – lan dominan ing pulitik – yaiku Jawa. Idèntitas nasional wis dikembangaké, dikukuhaké déning basa nasional, karagaman etnik, pluralisme agama ing populasi mayoritas Muslim, lan sajarah kolonial lan kraman marang iku. Sesanti nasional Indhonésia, "Bhinneka Tunggal Ika" ("séjé-séjé nanging ajeg manunggal"), nuduhaké karagaman kang nagara. Sanajan populasi gedhé lan tlatah padhet kang ndunungi, Indhonésia duwé tlatah jembar ara-ara samun kang njurung karagaman hayati tingkat paling dhuwur kaping pindho ing donya. Indhonésia duwé sumber daya alam kalubèran kaya lenga lan gas bumi, timah, tembaga lan emas. Pertanian mligi mrodhuksi beras, tèh, kopi, bumbon crakèn lan karèt. Partner dagang utama Indhonésia yaiku Jepang, Amérika Sarékat lan nagara tangga Singapura, Malaysia lan Australia.
Jeneng Indhonésia asalé saka pertalan Yunani saka Kali Sindu lan tembung nèsos, tegesé "pulo Indhiya".[14] Jeneng kuwi wis ana ing abad kaping 18, adoh sadurungé Indhonésia mardika.[15] Ing taun 1850, George Windsor Earl, sawijining étnolog Inggris, ngajokaké istilah Indunesians—lan, pilihané, Malayunesians—kanggo kang ndunungi "Kapuloan Indhiya utawa Kapuloan Malayu".[16] Ing publikasi kang padha, muridé Earl, James Richardson Logan, nggunakaké Indhonésia minangka sinonim kanggo Kapuloan Indhiya.[17][18] Nanging, akadhemisi Walanda nulis ing publikasi Indhiya Wétan padha wegah nggunakaké Indhonésia. Nanging, padha nggunakaké istilah Kapuloan Malayu (Maleische Archipel); Indhiya Nèderlan (Nederlandsch Oost Indië), luwih kondhang Indië; Wétan (de Oost); lan Insulinde.[19]
Sawisé 1900, jeneng Indhonésia dadi luwih umum ing lingkungan akademik njaba Nèderlan, lan golongan nasionalis Indhonésia migunakaké kuwi kanggo èksprèsi pulitik.[19]Adolf Bastian, saka Universitas Berlin, mopulèrke jeneng kuwi liwat bukuné Indonesien oder die Inseln des Malayischen Archipels, 1884–1894. Pelajar Indhonésia kang pisanan nggunakaké jeneng iki yaiku Suwardi Suryaningrat (Ki Hajar Dewantara), nalika ngedegaké kantor berita ing Nèderlan kang jenengé Indonesisch Pers-bureau ing 1913.[15]
Ing samadyaning prabawa agama Hindhu lan Buda, sawatara karaton ngadeg ing pulo Sumatra lan Jawa wiwit abad kaping 7 nganti abad kaping 14. Tekaning pedagang-pedagang Arab saka Gujarat, India sabanjuré nepungaké agama Islam kang pungkasané dadi agama gedhé dhéwé ing Indhonésia.
Wong-wong Éropa teka ing pawitaning abad kaping 16 lan nalika iku nemu nagara-nagara cilik. Nagara-nagara iku banjur kanthi gampang dikuwasani supaya sabanjuré uga bisa nguwasani dol-tinuku bumbon crakèn ing tlatah kono.
Ing abad kaping 17, nagara Walanda kang nalika iku minangka nagara paling kuwat ing tlatah Éropa, nelukaké nagara Inggris (British) lan Portugis (kajaba tlatah jajahan Portugis ing Timor Wétan). Bangsa Walanda njajah Indhonésia nganti mangsané Perang Donya Kapindho. Wiwitané Walanda ngadegaké Syarikat Hindia Wétan Londho, yaiku armada niyaga bumbon crakèn duwèké pamaréntah karajan Walanda, lan sabanjuré ing wiwitaning abad kaping 19 kanthi kekuwatan prajurité wiwit blak-blakan njajah tlatah Indhonésia.
Samangsa Perang Donya II, Walanda (Landa) dijajah karo Jerman, nalika iku Jepun nguwasani Indhonésia. Sawisé Indhonésia kapilut ing taun 1942, pihak Jepun sesora yèn para pejuwang Indhonésia iku kanca dedagangan kang kooperatif lan sedya nggelar prajurit yèn dibutuhaké. Soekarno, Mohammad Hatta, K. H. Mas Mansur, lan Ki Hajar Dewantara banjur olèh kanugrahan saka Maharaja Jepun ing taun 1943.
Ing Maret 1945, pihak Jepang nggawé sawijining kumite kanggo mardikaké Indonésiya, sabubaré Perang Pasifik rampung ing taun iku. Kaanan iki kasurung déning organisasi para mudha, golongan pimpinan Soekarno nyoba supaya Indhonésia bisa mardika.
Ing madya liya, Walanda ngirimaké prajurit kanggo ngrebut manèh Indhonésia.
Samubarang pratingkah kebak getih kanggo nanggulangi para pejuwang kanggo mardika mau banjur kondhang kanthi sebutan 'tumindak pulisi' (Actie Politioneel). Pungkasané, Walanda gelem nampa hak bangsa Indhonésia kanggo mardika ing 27 Dhésèmber1949 sawisé kasurung-surung bangsa-bangsa liya, mligi Amérika Sarékat. Soekarno dadi présidhèn pisanan Indhonésia kanthi Mohammad Hatta dadi wakil présidhèn.
Ing warsa 1950-an lan 1960-an, pamarintah Soekarno wiwit mangayubagya blok sosialis, kaya ta Républik Rakyat Cina lan Yugoslawiya. Ing taun 1960-an uga kedadèn konfrontasi adu tiyasa karo nagara tangga, Malaysia, lan nggresulané para kawula amarga urip kecingkrangan tambah ndadra.
Jendral Suharto dadi présidhèn ing taun 1967 kanthi alesan ngamanaké nagara saka anceman kuminisme tumrap Soekarno kang nalika iku sansaya tanpa daya. Sawisé Soeharto nyekel kuwasa, PKI dibubaraké lan warga Indhonésia kang dikira cawé-cawé lan mèlu kuminis akèh kang mati. Ing 32 taun papréntahan Soeharto iku mau Orde Baru, kanggo mbèdakaké karo jaman Soekarno kang mau Orde Lama.
Suharto kasil nyedhakaké manèh Indonesiya marang nagara-nagara manca-lan kasil nuwuhaké ékonomi kang manjila, ora kétang ora warata. Ing wiwitan Orde Baru, strategi ékonomi nagara digawé déning sapérangan ahli ékonomi lulusan fakultas ékonomi University of California at Berkeley, kang diwènèhi gelar "golongan Berkeley". Nanging, Soeharto lan sakancané bisa dilèngsèraké sawisé unjuk rasa kang sumrambah ing sadhéngah papan. Tambah manèh, nagara lagi keblandhang utang amarga krisis. Soeharto mudhun ing taun 1998.
Indhonésia saiki nggémbol prakara akèh, wiwit saka dhuwit, pulitik, agama, lan rasa guyub. Acèh lan Papua nyoba luwar saka Nagara Kesatuan Républik Indhonésia. Timor Wétan malah wis ngumandhangké kamardikané ing taun 2002 sawisé 24 taun dikuwasani Indhonésia lan 3 taun ing panggulawenthahé PBB. Masalah paling anyar kang katimpa nagara iki yaiku anané samubarang karusakan jalaran alam.
Indhonésia iku salah siji saka negara ing donya kang nganggo sistem dhémokrasi kanthi pas lan bener ing papréntahané, wujud nagara républikprésidhènsial multiparté kang dhémokratis. Kayadéné ing nagara-nagara dhémokrasi liyané, sistem pulitik kang didhasaraké marang Trias Pulitika yaiku pamisahan kakuwasan lègislatif, èksekutif lan yudhikatif. Kakuwasan lègislatif dicekel déning sawijining lembaga kang jenengé Majelis Permusyawatan Rakyat (MPR) kang dumadi saka rong badan yaiku DPR kang anggota-anggotané wujud wakil-wakil Parté Pulitik lan DPD kang anggota-anggotané makili provinsi. Saben laladan diwakili déning 4 wakil kang dipilih langsung déning rakyat ing laladané dhéwé-dhéwé.
Majelis Permusyawaratan Rakyat (MPR) iku lembaga paling dhuwur nagara. Nanging sawisé amandemèn angka 4, MPR dudu lembaga paling dhuwur manèh. Kaanggotaan MPR owah sawisé Amandeman UUD 1945 ing pèriode 1999-2004. Kabèh anggota MPR iku anggota DPR, ditambah anggota DPD (Dewan Perwakilan Laladan).[20] Anggota DPR lan DPD dipilih liwat pemilu lan dilantik kanthi mangsa kalungguhan limang taun. Wiwit 2004, MPR iku parlemèn sistem rong kamar (bikameral), sawisé kacipta DPD minangka kamar kaloro. Sadurungé, anggota MPR iku kabèh anggota DPR ditambah Utusan Golongan. MPR wektu iki dipangajengi Hidayat Nur Wahid. Anggota MPR wektu iki ana 550 anggota DPR lan 128 anggota DPD. DPR wektu iki dipangajengi Agung Laksono, déné DPD dipangajengi Ginandjar Kartasasmita.
Lembaga èksekutif punjeré dumunung ana ing présidhèn, wakil présidhèn, lan kabinèt. Kabinèt ing wujud Kabinet Presidensiil saéngga para nayaka tanggung jawab marang présidhèn lan ora makili parté pulitik kang ana ing parlemèn. Sanajan mangkono, Présidhèn wektu iki yaiku Susilo Bambang Yudhoyono kang diusung déning Parté Dhémokrat uga nunjuk sawatara pamimpin Parté Pulitik supaya lungguh ing kabinèté. Tujuané kanggo njaga stabilitas papréntahan ngèlingi kuwaté posisi lembaga lègislatif. Nanging pos-pos wigati lan strategis lumrahé diisi déning nayaka asal saka wong kang dianggep ahli sajeroning bidhangé.
Lembaga Yudikatif wiwit mangsa réformasi lan anané amandemèn UUD 1945 diayahi déning Mahkamah Agung, Komisi Yudisial, lan Mahkamah Konstitusi, kalebu pangaturan administrasi para hakim. Sanajan mangkono Nayaka Hukum lan Hak Manungsa tetep ana ing kabinèt.
Indhonésia iku nagara paling jembar ing Asia Kidul-Wétan kang ketata sajeroning provinsi-provinsi, wektu iki dumadi saka 34 provinsi, lima ing antarané wujud laladan istiméwa. Saben provinsi duwé badan legislatur lan gubernur. Provinsi dipérang dadi kabupatèn lan kutha, kang dipérang manèh dadi kacamatan lan manèh dadi kalurahan lan désa.
Provinsi Acèh, Langsa, DKI Jakarta, D.I. Yogyakarta, Papua, lan Papua Kulon duwé hak istiméwa legislatur kang luwiih gedhé lan tingkat otonomi kang luwih dhuwur saka papréntahan punjer tinimbang provinsi liyané. Contoné, papréntahan Nanggroe Acèh Darussalam duwé hak kanggo minangka sistem kukum dhéwé; ing taun 2003, Acèh wiwit ngukuhaké kukum Syariah.[21] Yogyakarta olèh status Laladan Khusus minangka pengakon marang peran wigati Yogyakarta sajeroning njurung sajeroning Revolusi.[22]Provinsi Papua, nalika semana mau Irian Jaya, éntuk status otonomi mirunggan taun 2001.[23] Jakarta minangka laladan mirunggan kutha krajan nagara. Timor Portugis didadèkaké provinsi Timor Wétan sasuwéné 1976–1999, kang sabanjuré misah minangka rèferèndum dadi Nagara Timor Leste.[24]
Indhonésia yaiku negara kapuloan paling jembar ing donya. Gunggunge/jumlahe pulo ing Indonesia ya sing gedhe apadene sing cilik nganti 17.508 pulo. Pulo-pulo kasebut sinebar ing wewengkon Indonesia kang nduweni jembar wewengkon 5.180.053 Km² kang kalebu saka jembare dharatan 1.922.570 km² lan jembare banyu laut 3.257.483 km².
Adhedhasar astronomi, negara Indonesia dumunung watara 6°LU-11°LS lan watara 95° BT-141°BT. Wewengkon Indonesia paling lor yaiku Pulo Weh kang dumunung ing 6°LU lan wewengkon paling kidul yaiku Pulo Rote, Nusa Tenggara Wétan kang dumunung ing 11°LS. Wewengkon Indonesia paling kulon yaiku Pulo Weh kang dumunung ing 95°BT, dene wewengkon Indonesia paling wetan yaiku kutha Merauke kang dumunung ing bujur 141°BT. Indonesia nduweni dawa bujure 460 lan jembar lintang 170.
Indonesia iklime tropis amarga dumunung ing antarane 2 garis balik (23 1/2°LU-23 1/2° LS). Iklim tropis mawa ciri yaiku udane dhuwur lan panas saben taun.
Ing pungkasan taun 1990-an Ékonomi Indhonésia ngalami kamunduran amarga krisis ékonomi kang ngenani sapérangan gedhé Asia wektu iku nanging Ékonomi Indhonésia saiki wiwit stabil manèh.
Indhonésia nduwé sumberdaya alam kang gedhé ing sanjabaning Jawa, antarané lenga mentah, gas bumi, timah, tembaga lan emas. Indhonésia iku eksportir gas bumi gedhé dhéwé nomer loro ing donya, ning akir-akir iki wiwit dadi importir lenga mentah. Kasil tetanèn kang utama antarané beras, tèh, kopi, bumbon crakèn lan janganan lobak.
Indhonésia nduwé akèh sumberdaya alam lan kang ndunungi, nanging isih ngadhepi masalah kamiskinan kang sapérangan gedhéné disebabaké korupsi mligi ing papréntahan.
Gunggunge/jumlahe para pedunung ing Indhonesia ing taun 2015 yaiku 255,7 yuta jiwa. Ing taun 2015 iki, kira-kira tingkat padete nganti 475 jiwa/km² kanthi tingkat tuwuh 1,36% saben taun. Pemudhunan iki ana gandhengane saka suksese KB (Program Keluarga Berencana) kang dianakake pamrentah.
Akeh-akehe, para kawula ing Indhonesia dumunung ing Pulo Jawa, disusul Sumatra, Sulawesi, lan Kalimantan. Meh ing saben pulo ditemokake wong-wong turunan Jawa. Sabanjure yaiku suku Sundha (8%), suku Madura (7%), lan turahane suku bangsa liya.
Ing interaksi, para kawula Indhonesia migunakake Basa Indonésia kang asale saka Basa Malayu minangka basa resmi. Dene basa sedina-dina saben suku bangsa migunakake basa sukune dhewe-dhewe (basa ibu). Akeh-akehe para kawula Indhonesia ngrasuk agama Islam, yaiku 88% saka cacahe para pedunung.
Jinising kasenian ing Indhonésia akèh diprabawai karo sawatara kabudayan. Jogèd Jawa lan Bali iku kang kondhang, contoné, akèh olèh pangaribawa saka kabudayan Hindhu. Akèh candhi-candhi kang kawangun kaya ing tanah Indhia. Déné pagelaran wayang lan bathik uga kawentar ing donya. Akèhing bebrayan lan agama agawé regeng kabudayan Indhonésia.
Kasil Alam
Karèt
Karèt naté kondhang kanthi sebutan ‘enam ireng’ lan iku bebathi nguntungaké devisa ing jaman mbiyèn. Ing donya, saiki Indhonésia ngancik trap angka loro sawisé Malaysia ing babagan karèt. Nagara-nagara kang ngasilaké karèt liyané yaiku Thailand, India, Sri Lanka, Nigeria, Liberia, Zaire, Brazil lan Filipina.
Klapa Sawit
Kebonan klapa sawit sansaya jembar. Kasilé kaolah dadi lenga lan inti sawit. kasilé iki dièkspor menyang njaba nagara lan uga kanggo kabutuhané wong-wong Indhonésia dhéwé.
Tembako
Aréal tembako (mbako) ing taun 1979 kira-kira ambané 198.000 Ha. Ing antarané saka angka iku yaiku 183.000 Ha kaselenggarakaké déning rakyat, 2000 Ha diurusi cukong-cukong gedhé, lan 13.000 Ha didarbèni pamarintah (PTPN).
Emas lan Pérak
Emas lan pérak digulawentah déning PT Aneka Tambang ing Banten Kidul, karo Freeport Indhonésia lan wiji tembaga ing Papua. Kanthi prasaja, rakyat uga mèlu ngolah emas lan pérak kanthi cilik-cilikan.
Aspal Alam
Panambangan aspal kagiyaraké ing Sulawesi Kidul-Wétan, Sakabèhé 19 lapangan gedhé lan cilik, lima ing antarané kaanggep becik. Yèn dikira sakabèhé, kira-kira 28,5 yuta ton.
↑"The Naming Procedures of Indonesia's Islands", Tenth United Nations Conference on the Standardization of Geographical Names, New York, 31 July – 9 August 2012, United Nations Economic and Social Council
↑Tomascik, T; Mah, JA; Nontji, A; Moosa, MK (1996). The Ecology of the Indonesian Seas – Part One. Hong Kong: Periplus Editions. ISBN962-593-078-7.
↑ abAnshory, Irfan (16 Agustus 2004). "Asal-usul Nama Indonesia" (ing basa Indonesia). Pikiran Rakyat. Diarsip saka sing asli ing 15 Dhésèmber 2006. Dibukak ing 5 Oktober 2006.
↑Earl, George SW (1850). "On The Leading Characteristics of the Papuan, Australian and Malay-Polynesian Nations". Journal of the Indian Archipelago and Eastern Asia (JIAEA): 119.
↑Logan, James Richardson (1850). "The Ethnology of the Indian Archipelago: Embracing Enquiries into the Continental Relations of the Indo-Pacific Islanders". Journal of the Indian Archipelago and Eastern Asia (JIAEA): 4:252–347.
↑Earl, George SW (1850). "On The Leading Characteristics of the Papuan, Australian and Malay-Polynesian Nations". Journal of the Indian Archipelago and Eastern Asia (JIAEA): 254, 277–8.
↑ abJustus M van der Kroef (1951). "The Term Indonesia: Its Origin and Usage". Journal of the American Oriental Society. 71 (3): 166–71. doi:10.2307/595186. JSTOR595186.