Turki iku nagara ing pawatesan antara bawana Éropa lan Asia. Kutha krajané yaiku Ankara. Saliyané iku kutha gedhé dhéwé sing misuwur yaiku kutha Istanbul, kutha iki jaman ndisik bekasé punjer pamaréntahané Romawi wétan, lan sawisé iku direbut Turki Usmani. Nagara iki sing ndunungi 70 yuta jiwa. Turki wewatesan karo Grikenlan lan Bulgaria ing sisih kulon. Ing sisih kidul Turki wewatesan karo Suriah lan Irak. Ing sisih wétan wewatesan karo Armenia, lan Azerbaijan.
Pamérangan administratif
Kanggo kaperluan statistik, Turki dipérang dadi 7 region (bölge). Sacara administratif Turki dipérang sajeroning 81 provinsi. Sabanjuré provinsi-provinsi mau dipérang manèh dadi 923 dhistrik (ilçeler; sing. ilçe).
Kutha-kutha wigati lan cacah sing ndunungi (miturut sensus taun 2000 lan sensus 2017 (İzmir)):