Amérikah Sarékat (basa Inggris: United States of America) utawa lumrahé dicekak dadi AS iku nagara fédheral sing wewengkoné ana ing Amérika Lor lan Oséania. Ditilik saka sing ndunungi, nagara iki sing paling gedhé kaping telu sadonya sawisé Républik Rakyat Cina lan India. Kutha krajan Amérika Sarékat yaiku Washington, DC. Amérika Sarékat iku nagara adidaya. Nagara fédheral iki kasusun saka 50 nagara pérangan. Saka 50 praja iki, loro papané ana ing dharatan, banjur saiki minangka èksklav ing sisih lor lan siji iku laladan kapulowan. Saliyané iku Amérika uga nduwé jajahan: Puerto Riko, Guam, Samoa Amérikah, Kapuloan Mariana Lor, lan Kapuloan Virgin.
Amérika Sarékat iku nagara dhémokrasi konstitusional kanthi sistem three-tier lan institusi kehakiman kang bébas. Ana telung tataran yaiku tataran nasional, praja lan papréntahan lokal yang duwèni badan lègislatif sarta èksekutif kanthi babagan kuwasa dhéwé-dhéwé. Nagara iki migunakaké sistem persekuthuan utawa federalisme yaiku wujud pambagéan kakuwasan antarané nagara punjer lan praja. Nagara punjer kuwasa marang sawatara prakara kaya ta pancithakan dhuwit sarta kawicaksanan pertahanan. Nanging, praja-praja kuwasa nemtokaké hak lan undhang-undhang dhéwé-dhéwé kaya ta hak ngguguraké bayi lan ukuman maksimal sajeroning undhang-undhang.
Siji èlemèn kang cetha ing Amérika yaiku dhoktrin pambagéan kuwasa. Pasal 1 nganti 3 Konstitusi Amérikah, wis nggarisaké kanthi rinci bab kuwasa-kuwasa Nagara kang utama yaiku èksekutif, lègislatif dan kehakiman. Checks and Balances utawa kontrol lan kaseimbangan minangka siji ciri utama sajeroning nagara Amérika lan bab iki komplit banget saéngga ora ana siji cabang nagara kang duwé kuwasa mutlak kanggo ngawal cabang kakuwasan liyané.
Ing nagara iki kabèh rakyat kang umuré wis ngancik 18 taun duwé hak milih. Pemilu kanggo pamilihan présidhèn dianakaké saben patang taun sapisan lan sing pungkasan yaiku ing sasi November 2004.
Nalika nyatakakékamardikan Amérika Sarékat, telulas koloni owah dadi praja-praja. Wiwitané praja-praja iki nyawiji minangka sawijining persekuthuan nanging banjur dadi nagara kang nyawiji. Taun-taun sabanjuré, cacahing praja tansaya tambah kanthi mlebuné praja-praja ing tlatah kulon, panukon lemah lan pamekaran sawatara praja-praja kang wis ana. Saben praja dipérang sajeroning counties (kaya déné kabupatèn), cities (kaya déné kuthamadya utawa kutha otonom) lan townships (kaya déné kacamatan).
Uga duwèni iklim warna-warna gumantung kaanan géografis, wiwit saka iklim tropis (panas lan garing ing mangsa panas, anget ing mangsa anyep) ing Florida nganti tundra (anyep sadawaning taun) ing Alaska. Sapérangan nagara iki duwé mangsa panas kang anget lan mangsa salju kang anyep. Sawetara pérangan AS, kaya ta pérangan California, duwé iklim Mediterrania.