Virginia iku sawijining praja ing Amérika Sarékat. Kutha krajané yaiku Richmond lan kutha sing gedhé dhéwé yaiku Virginia Beach. Jeneng resmi praja Virginia yaiku Commonwealth of Virginia.
Virginia wewatesan ing sisih lor karo West Virginia, Maryland, lan District of Columbia (sebrang Kali Potomac), ing sisih wétan karo Chesapeake Bay lan Samodra Atlantika, ing sisih kidul karo North Carolina lan Tennessee, lan ing sisih kulon karo Kentucky lan West Virginia.
Virginia dadi praja AS ing taun 1788 sawisé perang révolusi Amérika. Sadurungé dadi praja, Virginia iku koloni saka Britania Raya. Virginia diadegaké taun 1607.
Virginia iku praja papan lairé wolu présidhèn Amérika Sarékat.
Sajarah
Praja Virginia Kulon (West Virginia) biyè péranganing praja Virginia. Nalika pecah Perang sadulur Amérika, Virginia misahaké dhiri saka Amérika Sarékat lan gabung marang Konfedherasi. Tlatah sisih kulon Virginia banjur misahaké dhiri saka Virginia lan gawé nagara anyar sing loyal marang Union. Sawisé rampung perang sadulur, Virginia gabung manèh menyang Amérika Sarékat ing taun 1870.
Rujukan
|
---|
Praja | |
---|
Kutha krajan | |
---|
Jajahan | |
---|
Calon praja | |
---|