^ Dimapani wadya Jepang antarané taun 1942 nganti 1945, kang dieloni déning Revolusi Nasional Indonésia nganti taun 1949. Indonésia nyatakake kamardikan ing 17 Agustus 1945. Nugini Nèderlan dipasrahake marang Indonésia ing taun 1963.
Peta wewengkon Karajan Kolonial Walanda kalebu laladan jajahane.Péta jajahan Indhiya Nèderlan
Tembung Indhiya Nèderlan iku digawé kanggo mbédakaké saka Indhiya Inggris. 'Indhiya Nèderlan' tegesé pérangan Indhiya kang kalebu wewengkon jajahané Nèderlan utawa Walanda. 'Indhiya Inggris' iku pérangan Indhiya kang kalebu jajahan Inggris. 'Indhiya Nèderlan' biyèn kira-kira watese padha karo Républik Indonésia saiki, yèn 'Indhiya Inggris' ora liya nagara India saiki.
Indhiya Nèderlan (Walanda: Nederlands(ch)-Indië, Indonésia: Hindia-Belanda) minangka siji wewengkon koloni Walanda kang diaku kanthi de jure lan de facto. Kepala nagara Indhiya Nèderlan yaiku Ratu utawa Raja Walanda karo siji Gubernur-Jendral minangka perwakilané kang duwé kuwasa.
Indhiya Nèderlan uga minangka wewengkon kang tinulis ing Undang-undang Karajan Walanda taun 1814 minangka wewengkon berdaulat Karajan Walanda, diamandemén taun 1848, 1872, lan 1922 miturut perkembangan wewengkon Indhiya Nèderlan.
Ing abad kaping 19 mung pulo Jawa kang sekabehane diduwèni Walanda. Ing taun candhaké laladan liya Nusantara ditaklukake utawa “dipasifikasikake” (didamaiake). Indhiya Nèderlan yaiku koloni Éropah kang paling diregani kang kalebu ing kekuasaane Imperium Walanda.[2] Pangwasanan koloni iki nyumbang marang sangsaya kuwate prabawa ékonomi global Walanda, mligi ing dagang rempah lan komoditas pakebonan liyané, ing abad kaping 19 nganti wiwitan abad kaping 20. Pucaké ing taun 1942, Hindhia Walandayaiku sekabehing laladan Indonésia saikine. Saliyané iku, kutha Melaka, Taiwan, Sri Lanka tau diduwèni VOC lan pamaréntah Walanda.