Wayang punika tembung wod ingkang tegesipun sami kaliyan tembung "wewayangan", ananging mboten nganggé rerimbagan dwipurwa lan panambang -an. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak saha jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangéjawantahan pribadhi manungsa. Wayang punika pagelaran ngagem bonéka ingkang limrahipun katingalan éndah wonten wewayanganipun saha dipunlampahaken déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebat saged awujud 2 dhimènsi utawi wujudipun 3 dhimènsi. Ingkang wujud 2 dhimènsi limrahipun dipundamel saking kulit (walulang), ingkang asring kulit lembu utawi ménda. Déné ingkang awujud 3 dhimènsi, limrahipun dipundamel saking kayu ingkang dipunrenggani panganggo saking kain ingkang manéka warni adhedhasar watak wayang wau. Nanging wonten sawatara tlatah, ugi wonten ingkang dipundamel saking suket saha kerdhus. Ananging wayang jinis makaten boten radi kathah dipunpanggihi. Miturut owah gingsiripun jaman, sampun tinatah saha sinungging wayang kanthi ngginakaken média digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang ingkang tinatah saha sinungging kanthi média digital dipunwastani é-wayang.
Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpundhut saking épos Mahabarata kaliyan Ramayana ingkang ugi dipunsebat Wayang Purwa. Ugi wonten ingkang nanggap lakon cariyos-cariyos 1001 dalu saking tlatah Arab. Wayang ingkang kados makaten dipunwastani Wayang Ménak. Pagelaran punika misuwur ing tlatah Jawa.
Sajeroning pagelaran punika wayang ditancepaken wonten debog (wit gedhang), wonten sisih tengen lan kiwanipun dhalang. wonten tengah, cariyosipun dipungelar. Sedinten sedalu lakon dipunwedhar.
Wayang punika boten namung sumebar ing Jawa kémawon, nanging ugi ing tlatah sanès ing Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November2003, dados karya kabudayan ingkang èdi pèni ing babagan cariyos dongèng kalihan warisan ingkang paring aji sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalikipun, UNESCO nyuwun supados Indonésia njagi (preserve) warisan punika.[1].
Sajarah
Para ahli dèrèng wonten ingkang saged masthèkaké kapan wayang wiwit wonten ing Indonésia. Nanging yèn mirsani prasasti lan tinggalan jaman kapungkur, wayang kinten-kinten sampun wonten sadèrèngipun agama Hindhu mlebet. Rikala samanten lakon wayang dèrèng nganggé cariyos-cariyos ingkang dipunpundhut saking India. Pagelaran punika dipunanggé sarana nyembah marang roh leluhur.
Sawetara anggitan sastra jaman Mataram énggal kathah ingkang nyerat prakawis sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah boten sarujuk marang menapa ingkang dipunserat wonten mriku amargi boten cocog marang cathetan kalihan tinggalan sajarah ingkang sampun wonten.
Prasasti paling kino wonten ing abad kaping IVMasèhi. Prasasti ngandhut ukara mawayang kanggé pagelaran pahargyan sima utawi bumi perdhikan. Katrangan ingkang langkung trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masèhi. Wonten ngriku dipunserat si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Tegesipun kinten-kinten: Si Galigi ndhalang kanggé Hyang kanthi lakon Bima Sang Kumara."
Agama Hindhu ingkang mlebet ing Nusantara damel cariyos wayang bènten kaliyan aslinipun. Cariyos Ramayana lan Mahabarata wiwit dipunanggé kanggé dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), kathah cariyos saking India ingkang mlebet kalihan dipundamel gagrag jawanipun. Wayang wiwit nyebar ing pundi-pundi rikala Majapahit nguwaosi Nuswantara.
Cariyos-cariyos ingkang aslinipun saking India punika pungkasanipun sampun gèsèh kaliyan sadèrèngipun. Para pujangga Jawa damel cariyos piyambak kanggé mepaki menapa ingkang sampun wonten. Ing padhalangan, cariyos-cariyos punika dipunsebat lakon Carangan.
Rikala jaman Agama Islam mlebet, Walisanga ugi nganggé wayang ing panyebaranipun. Ing jaman punika Wayang kang Sumberé saka Mahabarata lan Ramayana disampurnaaké kanthi nggathukaké karo Aji-Aji Islam déning Para Walisanga salah sijiné ya iku Sunan Kalijaga. Ing jaman iku uga wiwit wonten Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram Anyar. Walandi ingkang digdaya damel KaratonSurakarta lan KaratonNgayogyakarta ngracik kathah cariyos wayang kanggé nglelipur manah.
Indonésia mardika ugi nyumbang gagrag wayang ingkang manéka warni. Manéka warni wayang wau wonten ingkang tetep dipungelar ugi wonten ingkang namung gesang ing jamanipun piyambak. Wayang ingkang kathah piyambak dipunanggé inggih punika Wayang Kulit Purwa.
Sebutanipun Wayang
Manawi dipunpundhut saking ukaranipun, wayang punika saking wewayangan, amargi pagelaranipun wonten ing wekdal wengi lan nganggé lampu. Nanging katrangan punika sampun boten saged dipunugemi malih. Wayang dados boten mligi bonéka ingkang wonten wewayangané. Wayang golèk ingkang dipundamel saking kayu boten ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang sampun dados pagelaran bonéka ingkang dipungelar déning dhalang.
Umumipun, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang punika dipundamel saking tatahan kulit kéwan kanthi lakon saking Mahabharata lan Ramayana.
Manéka Warni Wayang
Werna wernining wayang ing tanah Jawa
Wayang Bèbèr inggih punika wayang ingkang dipundamel saking kain utawi kulit lembu ingkang awujud bèbèran (lembaran). Saben bèbèran punika nggambaraken satunggal adégan cariyos. Manawi sampun rampung dipunlakonaken, bèbèrane dipungulung malih. Wayang punika dipundamel jaman krajan Majapait. Wayang punika pinangka saking Pacitan lan Gunungkidul.[2] Wayang punika dipundamel kanthi kuwat ing bab rong dimènsinipun kanthi kagunan lukis ing kanvas.[2] Tiyang-tiyang ingkang nglestantunaken wayang punika inggih punika: Musyafiq kanthi damel wayang bèbèr ingkang narasinipun paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi langkung nyiptakaken figur wayang ingkang corakipun dhékoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto damel wayang bèbèr kanthi saking awujud wayang purwa lajeng dipunabstraksi saking rèalitas gesangipun manungsa ing saben dintenipun.[2]
Wayang Kulit Wayang mau didamel saking cucal/kulit kebo utawi wedhus kang ditatah kanthi permati, ugi disungging/dicèt, lan digapit. Manéka jinis wayang kulit dipérang dados 2. Miturut géografis/asal daérahipun lan miturut ceritanipun, Miturut géografis/asal daerahipun contonipun Wayang Gagrag Yogyakarta/Mataraman, Wayang Gagrag Cirebon, lan Wayang Gagrag Surakarta. Manawi Miturut ceritanipun, contonipun Wayang Kulit Purwa, Wayang Kulit Madya, Wayang Kulit Gedhog, Wayang Kulit Dupara, Wayang Kulit Suluh, lsp.
Wayang klithik sinebut uga Wayang Krucil ya iku wayang kang digawè saka kayu, kang wujudè padha karo wayang kulit. Wayang iki duwé ciri khas ya iku yèn ta ditanggap ora nganggo gedhebog tancepané nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi. Carita kang kerep ditanggapkè ya iku nyaritakakè Damarwulan lan Majapait.[2]
Wayang iki campurane wayang golèk lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawé saka kayu. Amarga saka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis arang digelar.[2]
Wayang Golèk ugi kathah tiyang ingkang mastani wayang Tengul. Wayang punika dipundamel saking kayu lan dipunrasuki kados manungsa. Sumbering cariyos dipunpundhut saking sajarah kados ta cariyos Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp. Cariyos wayang punika ugi saged dipunpundhut saking dongèng nagari Arab. Manawi péntas ingkang dados ciri khasipun wayang golék inggih punika boten nganggé kelir utawi layar kados ta wayang kulit.
Wayang Gedhog: Wayang punika wujudipun mèh sami wayang kulit. Ingkang dipundamel kirang langkung warsa 1400-an. Sumbèripun cariyos saking cariyos ratu ing Jawa, ing antaranipun Banten, Singasari, Mataram, Kadhiri, lsp. Wayang punika namung saged pinanggih wonten musiyum.
Wayang Jemblung: Wayang saking kayu ingkang dipundamel persis (kawangun) tiyang.[3] Wayang punika sumebar wonten ing laladan pasisir lor, Blora, lan Cepu. Cariyosipun babagan Cacad kados kethoprak.[3]
Wayang Potèhi: Wayang ingkang awujud bonéka alit-alit.[3] Cariyosipun mangsa jaman Kraton Tar-tar utawi Babad Cina.[3]Thio Tiong Giè inggih punika salah satunggaling dhalangwayang potèhi ing Semarang Tengah ingkang manggèn ing Désa Pesantrèn, Kalurahan Purwodinatan.[4] Panjenenganipun gadhah prinsip paribasan CinaTiongkok ingkang dados semangatipun kanggé nglestarèaken Wayang potèhi punika: ”Tak ada jaran, sapi pun bisa ditunggangi.”[4] Manawi wayangan panjenenganipun ngginakaken Basa Indonésia kanggé basa pengantar, bènten kaliyan para sesepuhipun ingkang rumiyin ngginakaken basa Cina.[4] Ciri khasipun panjenenganipun ugi asring ngginakaken tembang campursari.[4]Thio Tiong Gie sapunika sampun yuswa 76 taun, kathah prihatinipun mikiraken kabudayanipun ingkang namung dipunpirsani déning saglintir tiyang ingkang kalah tebih manawi dipunbandingaken kaliyan jaman rikala samanten.[4] Langka sanget ingkang kepéngin nyinaoni wayang punika, ingkang dados generasinipun namung satunggal kémawon tiyangipun inggih punika Oei Tjiang Hwat ingkang asring ngancani manawi wayangan.[4] Para niyaganipun sami tebih sanget inggih punika saking Surabaya[4]
Panjenenganipun maringi tuturan "Yèn ta diwènèhi panjang umuré nganti 100 taun, dhèwèké bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahé digawé dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepéling-pepéling kang migunani tumrap uripé manungsa."[4]
Pagelaran Wayang Kulit (Utamane Wayang Purwa) ingkang sumrambah ing tanah Jawa utawa asring digemari masarakat ing Tanah Jawa didamel variasi ingkang manéka warni. Variasi utawi jinis punika ingkang asring dipunsebat Gagrag.
Gagrag Wayang Kulit ing tanah Jawa antarané: