Muhamad (cara Jawa)[1] utawa Muhammad (cara Arab: محمد), (ing sawatara basa sinebut Mohammad, Mohammed, utawa Mahomet. Ing basa Arab, Muhammad iku tegesé wong kang patut pinuji) lahir ing njeron wong-wong jahiliyah kang nyembah brahala, seneng judi, mabuk-mabukan, nindhes, seneng goroh, lan ngremehake para wanita. Nabi Mukamad Saw misuwur minangka mudha kang nduweni watak welas asih, seneng tetulung, lan tansah ngendika jujur saengga diwenehi ajejuluk "Al Amin" kang tegese kang pinercaya.
Nabi Mukamad Saw ngrubah kapercayan bangsa Arab Kurès lan adat-adate dening ajaran Islam. Nabi Mukamad Saw yaiku nabi lan rasul pungkasan kang nggawa ajaran Islam kanggo kabeh manungsa ing donya. Nalika Nabi Mukamad Saw pinuju tahannus (ndewe lan ngibadah) ing Guwa Hira teka Malaekat Jibril kanggo menehi wahyu kang wiwitan Surat al-Alaq ayat 1-5.
Babagan kerasulan Nabi Mukamad Saw iki, dingendikakake dening Allah:
"Mukamad yaiku utusaning Allah lan wong-wong kang bareng marang dhèwèké watake atos marang wong-wong kafir, nanging padha melas asihi sapadha-padhane. Kowe ndeleng dhèwèké rukuk lan sujud nggoleki nugrahaning Allah lan Ridhane..."(QS al-Fath:29)
Dasanama
Mukamad = kang patut pinuji.
Al Amin = kang bisa pinercaya.
Ash Shaadiq = kang bener
'Ummi = ingkang boten saged maos saha nyerat
Hasyami = saking Bani Hasyim
Fathonah = kang pinter
Ètimologi
"Muhammad" sajeroning basa Arab tegesé "kang pinuji". Muslim percaya yèn ajaran Islam kang diasta déning Mukamad wujud nyampurnani agama-agama kang diasta déning nabi-nabi sadurungé. Kaum Muslim ngaturi kanthi gelar Rasul Allāh (رسول الله), lan nambahaké kalimat Shalallaahu 'Alayhi Wasallam (صلى الله عليه و سلم, kang tegesé "muga-muga Allah maringi kabagjan lan kasalametan marang panjenegané"; kang kerep dicekak dadi "S.A.W" utawa "SAW"). Saliyané iku Kuran sajeroning surat As-Saff ayat 6 nyebut Mukamad kanthi jeneng "Ahmad" (أحمد), kang sajeroning basa Arab uga duwé makna "pinuji".
Para panulis sirah (biografi) Mukamad lumrahé sarujuk yèn Mukamad bin Abdullah iku lair ing Taun Gajah, yaiku taun 570 Masèhi.Diarani taun gajah kèrana nalika Mukamad lair iku ana kedadian yèn ka'bah arèp di ancurke karo tèntara gajah séng di pimpin karo rajané yaiku ratu Abrahah, nanging kèdadian kui ora sida amèrga gusti Allah ngutus manuk séng jènèngè Ababil supaya mudun saka langit karo gawa watu kèrikil séng di jikuk saka nèraka supayané dibalangké maréng tèntara gajah mau. Mukamad miyos ing kutha Mekah, sisih kidul Jazirah Arab. Nalika iku, Arab isih kalebu panggonan kang durung maju, adoh saka punjer niaga, seni, utama ngèlmu. Ramané, Abdullah[2], tilar donya ing marganing niaga nalika ing Yatsrib kamangka Mukamad isih anèng sajeroning kandhungan. Ingkang rama marisaké unta lima, domba, lan batur tukon wadon kang jenengé Ummu Aiman kang samengko nggulawentah Nabi.[3]
Ing umur enem taun, ibuné - Aminah binti Wahab - ngajak menyang Yatsrib (Madinah) tilik sadulur karo nyekar ing saréyan ingkang rama. Nalika pas mulih, ingkang ibu dhawah gerah. Sawetara dina sabanjuré, Aminah tilar donya ing Abwa' kang panggonané ora adoh saka Yatsrib. Aminah dikubur ing kana.[4] Sawisé ditinggal ibu, Mukamad dijaga simbah, Abdul Muththalib.