Mesjid (utawi ing Basa Jawi tataran ngoko: Masjid lan ugi kadhang kapocapaken Mejid) punika, papan kanggé ngibadah tiyang Muslim. Sanèsipun masjid ugi wonten "langgar" kaliyan "langgar" ingkang mèmper Mesjid, namung langkung alit. Ing tanah Jawi kathah mesjid ingkang arsitèkturipun taksih mèmper Meru.
Tembung "mesjid" utawi "masjid" punika kapendhet saking basa Arab masjid ingkang tegesipun "papan pasujudan". Tembung punika saking tembung kriyasajada (oyot s-j-d ingkang tegesipun "sujud" utawi "jèngkèng"). Tembung masjid utawi sajada dipunserap saking basa Aram. Tembung "m-s-g-d" sampun wonten ing abad ka-5 SM lan sasampunipun uga kapanggih wonten prasasti-prasasti Nabatea lan tegesipun ugi "papan pasujudan".
Sajarah
Wonten ing ajaran Islam kasebataken manawi mesjid ingkang nomer satunggal punika Ka'bah ingkang dipundamel déning Nabi Ibrahim. Wangunan mesjid kados ingkang kasebat punika dipunwiwiti wonten ing Madinah nalika jaman Muhammad ingkang kasebat Mesjid Quba.