Saréngat Islam (Arab: شريعة šarīʿah, ʃaˈriːʕa, "" ugi sinebat Hukum Islam, قانون إسلاميqānūn ʾIslāmī) inggih punika angger-angger pranating agami[1] utawi sadaya paugeran ingkang gegayutan kaliyan ngibadah ingkang sampun dipunsebutaken wonten ing Kuran saha Hadist. Inggih punika sadaya aturan ingkang nata lampahipun gesang tiyang Muslim Islam. Sasanèsipun aturan ugi ngewrat pirembagan prakawis gesang.
Sarengat saged dideleng saking babagan tetembungan lan istilah.[2] Saking babagan tetembungan, saréngat jarwanipun margi ingkang dipunlangkungi nanging saking babagan istilah jarwanipun gandhèng-cènèngipun manungsa kaliyan Allah, manungsa kaliyan satunggalipun, lan manungsa kaliyan alam.[2] Saréngat uga saged gadhah jarwa aturan ingkang ngéngini kaliyan kelakuanipun manungsa.[3] Kajawi punika, saréngat jarwané tujuan gesang manungsa inggih punika alam donya lan akérat.[4] Saréngat kantuk kaperang dados kalih bab, inggih punika ibadah lan muamalah.[2]
Wonten panemu benten babagan punapa sarengat kang cocog kagem dhemokrasi, hak asasi manungsa, kebebasan pamikir, hak para wanita, hak LGBT, lan perbankan.[5][6][7]
↑ abcLembaga Pembinaan dan Pengembangan Agama Islam Universitas Islam Indonesia (2006). Akidah Islam. Yogyakarta: UII Press. kc. 79. ISBN979-8413-09-1.
↑Al-Suwaidi, J. (1995). Arab and western conceptions of democracy; in Democracy, war, and peace in the Middle East (Editors: David Garnham, Mark A. Tessler), Indiana University Press, see Chapters 5 and 6; ISBN978-0253209399[perlu nomeré kaca]