Sistem tiket online, nglayani pamesanan langsung lan pangubahan/pawurungan kamangkatan ing loket. Wonten fasilitas ala bandara arupa check-in mandiri kanggé pancétakan boarding pass khusus kamangkatan sepur jarak adoh/menengah.
Setatsiyun Purwosari (PWS) (Jawa : ꦱꦼꦠꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦦꦸꦂꦮꦱꦫꦶ) menika salah satynggaling setatsiyun sepur kelas I ing Purwosari, Laweyan, Surakarta. Setatsiyun ingkang dumunung ing dhuwur +98 m punika kalebu ing Daerah Operasi VI Yogyakarta lan naming nglayani sepur kelas ékonomi lintas kidul/lokal/komuter.
Setatsiyun menika setatsiyun parcabangan jalur sepur ing antarané Surabaya lan Wonogiri. Jalur menyang Surabaya kalebu jalur utama, déné sing kanggo Wonogiri kalebu jalur lintas cabang. Nganti Setatsiyun Sangkrah, jalur sekunder iku unik amarga dadi salah sawijining jalur sepur aktif ing Indonésia sing njejeri/dampingan dalan raya, saliyane jalur cabang ing Depot PertaminaMadiun. Ing jaman mbiyèn ing rute Purwosari–Sangkrah ana wolung papan mandhegan cilik, yaiku Pesanggrahan, Ngadisuran, Bando, Ngapeman, Pasarpon, Cayudan, Kauman, lan Lojiwètan. Halte-halte kasebut wis ora ana maneh saiki.
Sejarah
Setatsiyun Purwosari minangka Setatsiyun sepur paling tuwa nomer loro ing Kutha Surakarta. Ing peta jalur Samarang–Vorstenlanden sing diterbitaké ing 1869 koleksi dening Universitas Leiden Walanda, setatsiyun iki ora disebutké blas. Sing disebutké ing rencana pangembangan rute dening Nederlandsch-Indische Spoorweg Maatschappij (NIS) yaiku Setatsiyun Sala (Setatsiyun Sala Balapan) lan Setatsiyun Sala-Rivier sing ana ing lebak Bengawan Solo .[2] Nanging, ing péta sing digawé ing taun 1878, jeneng setatsiyun iki wiwit disebut (nanging kanthi jeneng sing salah, yaiku Poerwodadie).[3] Kira-kira panambahan setatsiyun iki dilakokké bebarengan karo finishing jalur sepur lan uga dibuka bebarengan karo bukaan rasmi jalur sègmèn Cèpèr–Sala NIS ing tanggal 27 Maret 1871.[4][5]
Wiwit taun 1907, setatsiyun iki nggunakaké arsitektur sing padha karo Setatsiyun Kedungjati lan Willem I Ambarawa. Setatsiyun sing wiwitané ing peron sisi banjur dadi setatsiyun pulo. Ukuran wangunan setatsiyun luwih cilik tinimbang Kedungjati lan Ambarawa amarga bentang atap gendhèngé mung 13 meter, déné Kedungjati ing 14,65 meter lan Ambarawa ing 21.75 meter. Wangunan iki kasusun saka kanopi sing nutupi bangunan utama lan jalur sing ngapit.[6]
Wangunan lan tata letak
Wiwitané Setatsiyun Purwasari nggunakaké sistem sinyal mekanik lan wiwit ril gandha nduwèni wolung jalur rel kanthi garis 2 lan 3 minangka sepur lurus. Jalur 1-5 asring digunakaké kanggo kamangkatan-karawuhan uga kanggo sepur langsung, jalur 6-8 kanggo parkir gerbong barang, lan rong jalur tambahan sing menyang dipo lokomotif lan gudang semèn. Sanajan setatsiyun iki wis ngalami rénovasi ing wangun atap overkapping wiwit musim mudik lebaran ing Oktober 2010[7], wangunan setatsiyun sing asli tetep dipertahanké lan didadèkaké cagar budaya.
Setatsiyun iki mbiyèn kalebu unik amarga ing tengah èmplasemèn sing wis diwènèhi overkapping ana wèsel lan parsimpangan sing nyambungaké jalur 3 karo jalur 4. Jalur simpang kasebut mbagi peron sing ana ing rong jalur kasebut. Nanging, wiwit sistem sinyal setatsiyun iki diganti karo sistem pasinyalan elektrik sing digawé dening PT Len Industri Indonesia (Persero)[8] ing Desember 2015, jalur 4, wèsel, lan uga jalur simpang kasebut dibongkar kanggo nggedhékké peron saéngga setatsiyun kasebut mung nduwèni pitung jalur.
Menyang sisih wétan jalur 1 ana jalur parcabangan menyang Wonogiri. Saka setatsiyun iki mbiyèn uga ana jalur cabang tumuju Boyolali liwat Kartasura sing saiki ora ana maneh. Jalur iki uga duwe cabang ing Tegalsari menyang Colomadu. Nganti saiki sawetara bagean sisa-sisa jalur isih bisa disekséni.
Sadurungé Setatsiyun Purwasari nduwèni dipo lokomotif; jejak paninggalan dipo lokomotif isih ana menara banyu ing sisih lor stasiun. Saiki Dipo uga isih operasi, nanging dudu dadi dipo lokomotif, nanging dadi dipo mèkanik. Bongkar-muwat semèn uga ditindakaké ing stasiun iki.
Setatsiyun iki pungkasan dirénovasi ing taun 2017, kanthi ngganti jubin setatsiyun sing asalé jubin tégel tahu warisan NIS kanthi jubin marmer.[9] Jubin kasebut diprodhuksi dening Alfred Regout & Co, Maastricht, Walanda, lan nduwèni ukuran 20 × 20 cm kanthi tekstur sing ora rata supaya isa nggampangaké aliran banyu. Tégel kasebut kuwat, kukuh, lan tahan suwi, amarga setatsiyun iki fungsi awalé dadi setatsiyun barang.
Layanan sepur
Setatsiyun iki saiki dadi papan mandheg sepur kelas ékonomi sing ngliwati jalur kidul sawisé Setatsiyun Sala Jèbrès didadèkaké cagar budaya dening Pamrentah Surakarta lan mung nglayani sepur saka arah wétan menyang jalur lor (Semarang) lan kosok balènè.
↑Mohamad, Ardyan (21 Juni 2013). "Kalahkan Siemens, BUMN Elektronik Raup Pendapatan Rp23 Triliun". Merdeka.com. Dibukak ing 5 Oktober 2017. Saat ini, masih ada pesanan proyek dari Kemenhub untuk menggarap persinyalan kereta di jalur Jogja-Solo, Duri-Tangerang, dan Parung-Maja.