Sistem tiket online, nglayani pamesanan langsung lan pangubahan/pawurungan kamangkatan ing loket. Wonten fasilitas ala bandara arupa check-in mandiri kanggé pancétakan boarding pass khusus kamangkatan sepur jarak adoh/menengah.
Fasilitas
Kathahing jalur
8 (jalur 2 lan 3: sepur lurus)
Kathahing peron
3 (loro peron sisi sing radha dhuwur lan siji peron pulo sing endhèk)
Jinis pasinyalan
Mékanik jinis Siemens & Halske semiotomatis (s.d. 2007)
Èlèktrik jinis modular interlocking system karo cagak sinyal saka Len (2007-2019)[2]
Setatsiyun iki nglayani kabèh sepur penumpang menyang jalur lor, kidul, lan wetan, dene nglayani sepur kelas èksekutif, bisnis, lan ékonomi.
Sajarah
Sawise Perang Dipanagara ing dasawarsa 1830-an, Kutha Madiun dikuwasai karo Hindhia Walanda, lan digawé wilayah karésidhènan. Tiyang Walanda lan Éropah, utamané sing makarya ing sektor perkebunan lan industri, banjur nggawé Kutha Madiun dadi papan panggonan amarga ana pangembangan ing macem-macem perkebunan lan pabrik kayata perkebunan tebu karo pabrik gula, teh, kopi, perkebunan tembako, lan liya-liyané.[3]
Kanggo ndhukung pangiriman panèn kasebut, dibutuhaké sistem transportasi kasinambungan, utamané sepur. Ing taun 1873, pamréntah Hindhia Walanda nerbitaké ijin kanggo pambangunan jalur sepur Surabaya–Surakarta lan Madiun–Panaraga sing kasebut ing buku Spoorwegen op Java (1873).[4] Jalur sepur Surabaya–Madiun rampung dibangun ing tanggal 1 Juli 1882, banjur dilanjutaké menyang Paron nganti rampung ing tanggal 2 Juli 1883.[5]
Bangunan ngarep setatsiyun lan gedung utama uga didandani sawisé rusak sajrone Peristiwa Madiun ing taun 1948 saengga ciri bangunan lawas ora katon.[6]
Wangunan lan tata letak
Statsiyun Madiun nduwèni wolu jalur. Wiwitané, mung jalur 2 sing digunakaké minangka sepur lurus. Sawise jalur gandha ing lintas Babadan–Geneng dioperasikaké awit 16 Oktober 2019,[7] ana pangowahan tata letak jalur supaya jalur 2 didadèkaké minangka sepur lurus menyang Kertasana lan jalur 3 didadèkaké sepur lurus menyang Surakarta.
Jalur 1–3 digunakaké kanggo layanan sepur penumpang lan jalur 4–7 digunakaké kanggo nyimpen sepur barang uga sepur sing metu saka PT INKA, lan jalur 8 minangka jalur khusus kanggo ngisi bahan bakar lan duwé jalur cabang menyang depot lokomotip lan rel pangubeng.
Ing sisih kulon setatsiyun iki, cedhak persimpangan, ana depot lokomotip lan jalur cabang menyang depot duwéké Pertamina, ing sisih lor ana PT INKA, déné ing sisih wetan ana Kantor Pengawas Urusan Kereta sing maune iku depot sepur. Kajaba iku, ana jalur sepur menyang Panaraga–Slahung sing dipateni wiwit taun 1984.
Kabeh sepur sing nglintas ing jalur Surabaya-Solo Balapan mandheg ing Setatsiyun Madiun, sepur panumpang utawa sepur barang. Kabeh sepur penumpang sing mandheg ning Setatsiyun Madiun mrupakan sepur antarkutha lan ora ana lelungan sepur lokal. Sepur kasebut umume nglayani macem-macem jurusan ing Jawa, antarane Jakarta, Bandung, Yogyakarta, Surabaya, lan Malang. Per 10 Februari 2021, sepur sing mandheg ing Setatsiyun Madiun jumlahe sekitar 54 lelungan. Nanging, jumlahe lelungane kasebut akeh sing ora nentu amarga Pandemi Covid-19.
Ing sor iki daftar sepur panumpang sing dilayani ning Setatsiyun Madiun adhedasar Grafik Perjalanan Kereta Api per 10 Februari 2021
Berikut daftar kereta api penumpang yang dilayani di Stasiun Madiun berdasarkan Grafik Perjalanan Kereta Api per 10 Februari 2021.[9]
Liane seka sepur panumpang, Setatsiyun Madiun uga nglayani angkutan sepur barang. Akehe papat lelungan sepur barang parcel dilayani ning Setatsiyun Madiun kanthi tujuan Jakarta, Bandung, Surabaya, lan Malang.[10] Liane iku, Setatsiyun Madiun mrupakan setatsiyun ujung bagi Sepur ketel Pertamina kanggo nglayani angkutan bahan bakar minyak minuju Setatsiyun Benteng ing Surabaya lan Setatsiyun Rewulu ing Bantul, Yogyakarta.[11]
↑Pincoffs, L. dkk. (1873). Spoorwegen op Java. Rotterdam: Commissie voor de Spoorwegen op Java.
↑Staatsspoorwegen Ned. Indië (1896). Statistiek van het vervoer op de spoorwegen en tramwegen met machinale beweegkracht in Nederlandsch-Indië. Batavia: Burgerlijke Openbare Werken.
↑Raap, Olivier Johannes (2017). Seoper Oeap di Djawa Tempo Doeloe. Jakarta: KPG. kc. 60. ISBN978-602-424-369-2.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)