Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Témpé iku panganan kang digawé saka kacang kedhelé jaralan difermentasi. Fèrmèntasi témpé nganggo kapang rhizopus ("ragi témpé"). Témpé iku jaré ciptanané wong Jawa.
Témpé sugih mawa serat, kalsium, vitamin B lan dat wesi. Béda karo tahu, témpé rasané rada kecut. Témpé akèh dikonsumsi ing Tanah Jawa, nanging saiki wis disenengi ora mung saubenging Indonésia nanging uga sadonya. Mliginé kaum végétarian seneng marang témpé minangka gantiné daging.
Resiki kedhelé terus direndhem sawengi supaya kulité gampang nglothok.
Klothok kulit kedhelé, nganggo mesin utawa diplècèti kanthi diidak-idak.
Sawisé dikumbah resik banjur dikukus nganggo dandang sakjam, banjur diangkat, lan dielèr ing tampah.
Sawisé adhem diusar-usari ragi témpé.
Lebokké cithakan kang dialasi plastik, utawa dibungkus godhong gedhang. Plastik utawa godhong gedhang kudu dibolongi amrih ragi témpé olèh hawa.
Tumpuk cithakan lan krukubi nganggo karung goni. Sawisé sawengi wiwit thukul jamuré.
Cithakan isi témpé dijèjèr ing rak pring sawengi.
Wetokké témpé saka cithakan.
Cathetan
Senthongé kudu resik lan ana jendhélané. Ing usum udan ruangan kudu diwènèhi lampu supaya ora pati adhem.
Témpé gampang bosok sawisé 2 1/2 dina sajeroning bungkusan.
Supaya awèt, iris témpé ukuran kurang luwih 1/2 mm, garingké nganggo oven kanthi suhu 750 sajeroning 55 menit.[1]
Sajarah témpé
Témpé iku panganan kang digawé saka kacang kedhelé kang difermèntasi. Fermèntasi témpé nganggo kapang rhizopus ("ragi tempe"). Témpé iku jaré ciptanané wong Jawa. Témpé iku sugih serat, kalsium, vitamin B lan zat wesi. Béda karo tahu, témpé rasané rada kecut. Témpé akèh dikonsumsi ing Tanah Jawa, nanging saiki wis disenengi ora mung saubenging Indonésia nanging uga sadonya. Mliginé kaum vegetarian seneng marang témpé minangka gantiné daging.
Panganan tradhisional iki wis kaloka awit jaman mbiyèn, mligi ana ing laladan Jawa, mligi Yogyakarta lan Surakarta. Ana ing bab 3 lan bab 12 manuskrip Serat Centhini, wis tinemu tembung témpé. Upamanée kanggo aran panganan “ jaé santen témpé ” lan “ kedhelé témpé srundèngan ”. saka cathetan sajarah, mligi témpé digawé saka kedhelé ireng lan kondhang ing laladan Mataram, Jawa Tengah.
Tembung “ témpé ” asalé saka basa Jawa Kuna. Ing jaman Jawa Kuna ana panganan kang wernané putih kagawé saka sagu, lan diarani “ tumpi ”. Témpé anyar kang uga duwé warna putih, katon mèh padha karo panganan kang diarani “ tumpi ” mau. Sumber liyané ngandharaké, yèn pagawéan gawé témpé diwiwiti nalika jaman “ Tanam Paksa ” ing Jawa. Saliyané iku,uga ana wong kang duwé gagasan yèn témpé iku diwanuhaké déning wong-wong Tionghoa kang gawé panganan, ya iku kedhelé kang difermèntasi nganggo kapang Aspergillus.
Indonésia iku salah sijiné nagara kang ngasilaké kedhelé paling akèh uga dadi pasar kedhelé kang gedhé dhéwé ing Asia. Kurang luwih 50% saka konsumsi kedhelé Indonésia kang awuud témpé, 40% tahu, lan 10% wujud liyané (tauco, kecap, lan liya-liyané)