Ing laboratorium kompor lumrahé minangka manasaké sampel utawa bahan kang diuji cobaké ing percobaan.[1]
Sajarah
Nalika jaman peradhaban, manungsa wis ngerti geni kanggo ngolah panganan mentah supaya mateng.[2] Bangsa Timur kaya ta Cina, Koréa, lan Jepang wis luwih dhisik ngerténi kompor utawa tungku tinimbang bangsa barat.[2]
Nalika tinemu kang sepisanan kompor dhapuré kaya tungku.[2] Tungku geni wis ana ing Cina wiwit jaman Dinasti Qin (221-206/207 SM).[2]
Tungku iki digawé saka lemah.[2] Désainé mirib karo kamado ing Jepang nalika periodé Karajan Kofun ing abad3 nganti 6.[2] Kamado nduwéni wujud kothakpersegi kang ngurungi geni ing bolongan dhuwuré kanggo wadhah panci.[2] Kamado dhuwuré sakdhengkulé wong diwasa.[2] Bahan bakar kamado ya iku kayu utawa batubara kang dilebokaké saka bolongan ing pérangan ngarep.[2] Kamado terus dienggo nganti periodé Karajan Edo ing taun1603-1867.[2]
Sing ndunungi Éropah ing abad pertengahan isih masak nganggo kayu baker.[2] Banjur nggawé tatakan kang luwih cendhek kanggo masak.[2] Saliyané iku ana uga kang masak nganggo perapian saka watu kang kasusun.[2] Perapian iki dhuwuré padha kaya bangkékan.[2] Perapian iki uga diwénéhi cerobong pega.[2] Kanthi cara iki masak bisa karo ngadég.[2] Panci kang kanggo masak diséléhaké persis ing sandhuwuré geni, kanthi cara digantung ing saka utawa kaki tiga.[2] Kanggo ngatur panas mung ngunggahke utawa ngedhunake panci.[2]