Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Sega gurih utawa sega wuduk iku sega sing rasané gurih, amarga dimasak nganggo santen klapa.
Cara gawé
Beras biyasa dipupusi nganti resik banjur didang ing dandang.
Sawisé setengah mateng dientas diaruni nganggo santen klapa sing kenthel, diaruni iku dicampur nganggo santen nganti rata, diwènèhi uyah sacukupé. Banjur didang manèh ing dandang diwènèhi godhong pandan wangi supaya mambu wangi lan gurih.
Sawisé mateng sega uduk iku racaké dipangan nganggo lawuh pitik gorèng, kering témpé, prekedèl kenthang lan sambel gorèng ati.