Kembang Mawar iku kalebu kaluwarganing Rosa.[1] Cacah jinisé ana atusan. Wiwit kang thukul umbaran (alasan) nganti kang dibudidayakaké.[1] Mawar ana kang biyasa, ana uga kang thukulé mrambat.[1]
Warnané uga ana rupa-rupa, kang asli racaké awarna abang, kuning, kuning tela, uga ana kang jambonjambon. Nanging, saiki ana kamajuan tèknologi kang bisa malih rupakaké warna, mawar uga ana kang wêrnané biru, wungu, malah ana kang ireng.[1]
Kembang mawar iki wis misuwur ing donya wiwit jaman kalabendu. Lengané didadèkaké lengawangi, kang wis misuwur ganda arum lan larang regané. Uga ana manèh kang digawé bahaning setrup, jenengé Rosa canina, amarga akèh vitamin C-né.[1]
Mawar akèh-akèhé nduwé eri, nanging ana kang ora ana eriné.[2]
Eri mawar gunané kanggo njaga mawar supaya ora dirusak kéwan lan gegremet.[3] Awit ana uga kéwan kang sênêng mangan kêmbang.[3] Kéwan iku kalebu kéwan hérbivorahérbivora.[3]Eri kalêbu salah sawijiné organ tuwuhan, ya iku organaksesoris utawa rerenggan.[3] Eri ana kang kalebu aksésoris sajati lan ana kang mung modifikasi.[3]Eri minangka aksésori padatan kang ana ing pang, wit, godhong, lan woh tuwuhan.[3] Tuladhané ya iku ing wit mawar.[3]
Mawar bathik
Mawar lumrahé nduwé warna polos, yèn ana campuran warna, lumrahé mung ing pinggiré. Tuladhané mawar putih kang pinggiré jambonjambon, ana uga mawar kuning kang pinggiré rupané abang.[2] Nanging ana jinis mawar kang trotol-trotol wernané. Mawar iki diarani mawar bathik.[2] Mawar bathik iki ora nduwé eri ing gagangé.[2]
Mawar bathik bisa urip ing dhataran ngisor, nanging yèn kepéngin kembang luwih gedhé lan wernané luwih cêrah kudu ditandur ing dhataran dhuwur.[2]
Winih mawar bathik asalé saka sambung pucuk utawa grafting.[2] Carané gagangé mawar bathik disambung karo mawar biyasa ing pucukké. Sawisé 2-3wulan, sambungan iki wis siyap ditandur.[2]
Tuwuhan iki disiram kaping pindho sedinané.[2] Pupuk kang minangka nyuburké tuwuhan ya iku rabuk N-P-KN-P-K, nanging cukup sewulan sapisan.[2] Rabuk kandhang utawa rabuk diênggo ngrabyuki nalika sepisanan nandur mawar bathik iki. Yèn dirumat kanthi temen, mawar iki bakal rikat ngembang.[2]
Sari mawar bisa kagunakaké ing kabéh jinis kulit lan ora ndadékaké ''iritasi''.[4]Minyak mawar uga bisa kanggo ngundhakaké élastisitas kulit wajah lan ndadékaké luwih lêmbab.[4]
Garis kêrutan ing rai uga kêna dicêgah nganggo mawar, saéngga kulit katon luwih sêgêr.[4] Jinis kulit kang akèh jêrawaté lan sensitif uga kêna nggunakaké sari mawar, awit sari mawar bisa kanggo bahan ''antiséptik'' kang maténi ''baktéri''.[4]
Mawar saka spésies ''Rosa Canina'' ngandhut vitamin C kang luwih akèh.[4] Vitamin C kang ana ing mawar iki padha karo ping papaté woh blackcurrant lan ping woluné woh jêruk.[4]''Kêlopak''kêmbang mawar uga ngandhut vitamin A lan E, lêmakoméga 3 kang bisa nglêmbabaké kulit supaya kulit katon sêgêr.[4]
Spesies
Miturut asalé mawar kagolong dadi pira-pira spesiés, mawar saka Éropah, mawar saka Amérika, mawar saka Timur Tengah, mawar saka Cina, lan mawar saka Jepang.[5]