Kulit iku lapisan paling njaba ing awak manungsa. Kulit pérang dadi telung pérangan: pérangan paling njaba ingaran epidermis, pérangan tengah mesodermis, lan pérangan njero dermis. Kulit sensitif banget saka prabawa lingkungan sakitar, kaya panas srengéngé, lebu, lan asep knalpot.
Kulit ingaran uga indra peraba amarga akèh banget pucuk-pucuk saraf sing peka saka sentuhan, tekanan, lan rabaan. Kulit bisa nampa rangsangan panas, adhem, alus, kasar, loro utawa nyeri lan liya-liyané. Pucuk-pucuk saraf panampa rangsangan mligi ana ing lapisan malphigi kulit lan ana uga ing piranti-piranti sing ana ing njeron awak. Pérangan kulit sing paling peka yaiku pérangan sing paling akèh pucuk-pucuk sarafé, kaya ing pucuk driji, tlapak tangan, tlapak sikil, lamb élan kiwa-tengené gulu.
Kulit uga minangka piranti pambuwangan utawa ekskresi amarga ngandhung klanjer kringet.