Obat ya iku barang utawa dat kang bisa dipigunaké kanggo tamba lelara, ngilangaké tandha-tandha lelara,lan ngowahi prosès kimia ing awak.[1]
Obat iku bahan utawa campuran bahan-bahan kang dipigunaké kanggo kanggo ngukuhaké diagnosis, nyegah, ngurangi, lan nambani lelara utawa tandha-tandha lelara, tatu lan awak kang ora normal.[1] Saliyané iku obat uga kena kanggo nggawé awak saya éndah umpamané obat tradhisional.[1]
Ing Amérika Sarékat, obat digawé déning prusahaan farmasi utawa farmasi kang tuku obat saka prusahaan farmasi.[2] Farmasi uga kena nyediakaké obat kanthi cara langsung tumrap pasièn yèn obat iku bisa aman nalika dianggo pasièn dhéwé utawa diwènèhi resep kanthi preskripsi kang digawé dhokter.[2]
Nalika lagi sepisanan dipasaraké, obat duwé rega kang larang, nanging asuransi kaséhatan bisa dianggo ngènthèngaké béaya.[2] Nalika patèn salah sawijiné obat wis entèk, obat generik digawé lan didistribusèkaké déning prusahaan saingan kang njalari regané dadi murah.[2] Obat kang ora mbutuhaké preskripsi saka medis profésional dikenal kanthi jeneng obat OTC (basa Inggris: Over the Counter, kang tegesé ing kasir).[2] Obat jinis iki kena didol ing toko biyasa.[2]
Ing Indonésia, obat kang larang regané luwih akèh cacahé, iki amarga larangé béaya pemasaran kang ditanggung déning prusahaan farmasi, mligi kanggo obat ethical.[2]
Obat bisa dituku ing apoték, puskesmas, toko obat lan tenaga medis.[2]
Klasifikasi
Obat bisa diklasifisikaké kanthi akèh cara, kanthi cara mekanisme aksi, èfèk lan status (legal apa ora legal).[1] Jinisé obat iki kaya ta [1]
Cathetan suku
3. Obat Kuat Archived 2014-05-12 at the Wayback Machine.