Dhistrik Dongrae
Dhistrik Dongrae inggih menika satunggaling gu, utawi dhistrik, ingkang mapan wonten ing sisih lor Busan, Korea Kidul. Kutha menika gadhah populasi kirang langkung 300.000, kanthi wiyaripun 16,7 kilometer persegi. Wiwitanipun Dhistrik Dongrae menika kutha ingkang kapisah, pelabuhan utama kidul-wétan Korea. Kathah tilaran sajarah ingkang dipunawètaken wonten ing wewengkon menika. Heosimcheong menika spa paling ageng wonten ing Asia wonten ing Oncheon-dong. Dhistrik menika ugi kawentar awit saking Pajeon ingkang kalebet 'Green Onion Pancake'. Dhistrik Dongrae menika ugi kalebet ID kanggé programer StarCraft II Korea, Park Soo Ho.[1] Awit kasuksèsanipun wonten ing adicara-adicara kados déné Global StarCraft II League lan Major League Gaming, piyambakipun dipunakoni déning kutha lan dipunparingi idin kanthi resmi supados dados wakil saking kutha lan saged mapanaken lencana wonten ing seragamipun.[2] Pamerangan administratifDhistrik Dongrae menika kapérang saking 7 legal dong, ingkang sedayanipun wonten 14 adiministratif dong, kados wonten ing ngandhap menika:
Kutha kembarPranala njawi
Rujukan
Koordhinat: 35°12′13″N 129°05′02″E / 35.20361°N 129.08389°E |