Daniel Carvajal
Daniel Carvajal Ramos (lair ing Leganés, 11 Januari 1992; umur 33 taun) ingih punika juru main bal-balan Spanyol ingkang samenika main ing klub Real Madrid lan Tim Nasional Spanyol minangka bék tengen. Prodhuk asli akadhemi Real Madrid CF, piyambakipun naté gabung ing klub Leverkusen amargi gagal nembus tim utaman Los Blancos ing wiwitanipun mangsa 2012–2013.[2][3] Ing tingkat internasional, Carvajal sampun menangaken Kajuwaraan Eropa U-19, Kejuwaran Eropa 2011 sareng tim nasional U-19. Karir AwalDaniel miwiti kariripun kanthi gabung kaliyan akadhemi bal-balan Lemans ing taun 1999.[4] Carvajal sampun wiwit katingal bakatipun nalika main ing klub Lemans.[4] Sasampunipun tigang taun nimba ilmu ing Lemans, piyambakipun mutusaken kanggé nglajengaken pendidikanipun ing akadhemi bal Real Madrid ing taun 2002.[4] Pranala njawiRujukan
|