Share to: share facebook share twitter share wa share telegram print page
1
Lamun kula mlampah neng margining Allah,
kula sestu ngraosken bingah.
Kula yakin estu, Gusti nuntun tamtu
mring tyang kang pitados satuhu.
2
Yen peteng ing manah, kabidhung ing sisah,
kula nilingken sabdeng Allah.
Uwas lan kuwatir wus tamtu sumingkir,
angger pasrah kang trusing manah.
3
Iba begja kula, sajroning ginodha
kiniyatken dening sabdanya.
Rineksa rinimat tan dhawah tan lesah,
wit saking sih-rahmating Allah.

Temukan kidung nyanyian lainnya dari KPJ (Kidung Pasamuan Jawi)

Kembali kehalaman sebelumnya

Lokasi Pengunjung: 18.117.154.41