Suku Kyrgyz |
|
approx. 4.5 million |
|
Kyrgyzstan | 3,804,800[1] |
---|
Uzbekistan | 250,000[2] |
---|
China | 143,500[1] |
---|
60,000[butuh sitiran] |
Tajikistan | 81,000[butuh sitiran] |
---|
Afghanistan | 30,000[2] |
---|
Russia | 32,000[3] |
---|
Kazakhstan | 11,000[4] |
---|
Ukraine | 3,000[5] |
---|
Turkey | 4,000[6] |
---|
|
Kyrgyz |
|
Predominantly Sunni Islam. |
|
other Turkic peoples |
Suku Kirgiz iku suku kang angka 31 kang diakoni déning papréntahan Républik Rakyat Cina, minangka salah siji suku minoritas ing Cina. Cacahe wong suku Kirgiz kurang luwih ana 160.823, arep 80 % saka warga kang urip ing Prefektur Otonomi Kizilsu Kirgiz ing sisih Kulon Kidule Xinjiang Uygur Autonomous Region. Sisane kasebar ana ing ILI, Dacheng, Kashgar, Aksu. Kira-kira ana atusan klan kang imigrasi wiwit atusan taun kapungkur menyang Wétan Lore Cina, saiki padha manggon ing Désa Wujiazi Fuyu County, Provinsi Heilongjiang[3].
Sadurungé Cina ngadek dhéwé nalika taun 1949, suku Kirgiz uripé kanthi ngingu kéwan, lan manut marang alam. Kurang luwih ana 15 % saka suku Kirgiz dadi tani kanthi cara kuna, ya iku kanthi cara ngobong papan kang arep kanggo tandur.[3] Wong Kirgiz ora tau ngabuk lan maculi, nggaru utawa ngluku. Usaha liyané ya iku gawé kethiplak kanggo jaran, karpet, topi wulu, ngrajut wol. Perkakas kango pawon diolehke kanthi cara dol tinuku ijolan karo kéwan ternake.[3]
Suku Kirgiz iku kadhapur saka pirang-pirang klan suku kang mirib karo kelompok. Saben suku klan duwé sub suku, lan ora diwajibake urip ing saenggon. Saben sub suku ana pira-pira Ayinle utawa clan.[3]
Nalika ing pertengahan abad angka 18, wong-wong suku Kirgiz kang urip ing Xinjiang padha percaya karo agama Islam. Nganti saiki wong suku Kirgiz isih ana sing agamané Islam.[3] Suku Kirgiz kang ana ing Emin (Dorbiljin) County ing Xinjiang lan Fuyu County ing Heilongjiang, diujuk-ujuki déning suku Mongol, supaya lumebu agama Lamaism. Ulama Suku Kirgiz diarani akhunds.[3]
Cathetan sikil