Suku Dayak Bidayuh inggih punika salah satunggal saking pitung suku ageng Dayak ing Kalimantan (Murut, Banuaka, Ngaju, Iban, Kayan, Ma'anyan, Bidayuh),ingkang sapérangan ageng populasinipun ing wewengkon kabupatèn Sanggau, Ketapang, lan sapérangan sanèsipun nyebar ing wewengkon Sekadau lan Bengkayang. Suku Dayak Bidayuh ugi kathah ingkang dumunung ing laladan Noyan,Kembayan, Sanggau, Kabupatèn Sanggau. Kawasan basis saking bidayuh inggih punika ing désaTanjung Merpati, Ngalok, Mobui, Sejuah, Sungai Bun, Tanap, lan désa-désa sakanan kiringipun ing Kalimantan Barat, manawi ing Sarawak, suku bidayuh dumunung ing désa Samarahan lan Kuching. Wonten sapérangan ahli ingkang naté neliti asal muasal suku bidayuh punika. Nanging, boten wonten salah satunggal ingkang otentik lan nyangkut sadaya sendi pagesangan masarakat bidayuh. Miturut Prof. Richard McGinn suku dayak Bidayuh gadhah gegeyutan kulawarga kaliyan suku jebon layak Bukar-Sadong ingkang celak.[3]
Mata pencaharian
Kathah-kathahipun, mata pencaharian penduduk suku punika inggih dados wong tani karèt, buruh serabutan. Namung sapérangan alit ingkang makarya dados punggawa pamaréntah lan pedagang, punapa malih dados pejabat ing papréntahan. Namung wonten ing dekade punika wonten sapérangan putra laladan ingkang gadhah kalungguhan-kalungguhan ingkang wigati ing papréntahan.[4]
Alasan utama mata pencaharian penduduk kados makaten inggih punika kirangipun akses ngèlmu pangetahuan lan tèknologi sarta kirangipun sarana pendidikan ing mrika. Cobi bayangaken, lare-lare kedah mlampah tebihipun puluhan kilomèter saperlu dugi ing sarana pendidikan. boten kaget manawi kathah tiyang sepuh ingkang langkung nengenaken kabetahan ékonomi tinimbang prakawis ing pendidikan.[3]
Wonten satunggal bab ingkang narik saking pagesangan masarakat dayak bidayuh. Kaanan alam ingkang boten nyengkuyung usaha tetanen dipunsikapi kanthi mbikak lahan tetanen, ingkang salajengipun dipunbakar. Bab punika dipunaksanakaken saperlu damel lemahipun subur. Kaanan alam ingkang kados makaten dipunimbangi kaliyan manéka taneman alas ingkang saged dipunmanfaataken minangka tetedhan mliginipun woh-wohan. Masarakat Bidayuh boten aasring sanget nedha sayur. Tetedhan saben dintenipun inggih punika sekul lan lawuh ingkang dipunolah piyambak, kanthi bumbu-bumbu khas dayak. Tetedhan punika dipundominasi kaliyan raos asin lan asem. Nalika mangsa buah, sapérangan ageng pakaryan éwah dados wong tani buah. Biasanipun buah ingkang dipunpetik saking alas dipunbekta wonten ing peken saperlu dipunsade. Suku DAyak Bidayuh sampun ngertos konsèp arta kados déné masarakat ing Jawa.[2]
Agama
Mayoritas penduduk bidayuh ing Kalimantan Barat nganut agamaKristen Katolik, sisanipun inggih punika Kristen Protèstan, nalika ing Sarawak gadhah cacah Protèstan lan Katolik ingkang meh sami. Etnis Tionghoa ing mrika kathah-kathahipunsampun palakrama campur kaliyan penduduk asli.[5]