1 Dhésèmber 1951(1951-12-01) (umur 74) Honolulu, Hawaii, USA
Bangsa
New Zealand
Jeneng liya
Sir Peter Henry Buck
Peter H. Buck utawa jeneng liyané Te Rangi Hiroa (jeneng suku Maori) ya iku ahli antropologi saka Taranaki, Selandia Anyar, kalairan taun 1877[2]. Peter Buck naté pendhidhikan MB ing University of New Zealand taun 1904 uga Ch.B. ing pawiyatan luhur kang padha. Sabanjuré MD taun 1910[2][3]. Buck naté nglakoni panlitian lapangan antropologis ing Selandia Anyar (1910), Raratong (1910), Niue (1911), Aitutaki (1926), Samoa (1927), Kapuloan Cook (1929), lan Hawaii (1927)[2]. Peter Buck wis nulis karya-karya saka panlitiané, antarané iku The Coming of the Maori (1925), Vikings of the Sunrise (1938), lan Arts and Crafts of the Cook Islands (1944). Peter Buck iki minangka salah sawiji ahli antropologi kang bapané iku wong Èropah lan mbokné wong asli Maori[4]. Amarga iku, dhèwèké kerep diundang Te Rangi Hiroa. Lan dhèwèké bisa nliti ètnografi akéh ing bebrayan Maori minangka wong asli kononé. Te Rangi Hiroa akéh pisumbangané ing sistem budhaya wong Polinésia. Dhèwèké séda ing taun 1951 ing Honolulu, Hawaii[2][4].
Rujukan
↑Photograph by kind permission of the Alexander Turnbull Library, Wellington, New Zealand, reference number: 1/2-037931-F