Musiyum Manungsa Purwa Sangiran inggih punika musiyum arkeologi ingkang papan wonten ing Kalijambé, Kabupaten Sragèn, Jawi Tengah, Indonesia. Musiyum puniki caket kaliyan area situs fosil purwakala Sangiran ingkang dados salah setunggalipun situs tilaran donya Unesco. Situs Sangiran nggadhahi wiyar dugi 56 km² ngliputi telung kecamatan ing Sragen, yaiku kecamatan Gemolong, Kecamatan Kalijambe, lan Kecamatan Plupuh saha Kecamatan Gondangrejo ingkang mlebet tlatah Kabupaten Karanganyar. Situs Sangiran wonten ing lebet kawasan Kubah Sangiran ingkang inggih punika dados perangan saking depresi Solo, ing suku Redi Lawu (17 km saking Kutha Solo). [1][2][3] Musiyum Sangiran kaliyan situs arkeologinipun, kejawi dados objek wisata ingkang menarik dados arena panaliten bab gesang prasejarah paling wigatos lan paling jangkep ing Asia, malah donya. [4][5][6][7]
Kahanan Umum
Bangunan anyar Musiyum Manungsa Purwa Sangiran puniki mujudake museum modern, ingkang nggadahi isi telung ruangan utama kanthi pajangan ekstensif lan diorama ingkang nyengsemake wilayah Sangiran ingkang dipun percaya kados wonten ing sekitar 1 yuta warsa kepungkur. Sawetara pusat liyane tesih dipun bangun (awal 2013), mula wonten ing warsa 2014 dikarepake bakal wonten sekawan pusat wonten ing lokasi ingkang benten-benten wonten ing situs Sangiran. Sekawan pusat ingkang dipun rencanakake inggih punika:[8]
Krikilan: nyimpen situs ingkang sampun wonten, minangka dados pusat pengunjung.
Ngebung : isine sajarah panemune situs Sangiran.
Bukuran: menehi katrangan babagan panemune fosil manungsa prasejarah ing Sangiran.
Dayu: nyedhiyakake informasi babagan riset paling anyar.
Museum lan pusat pengunjung saiki gadah telung kamar utama. Ruangan kapisan ngemot pirang-pirang diorama ingkang menehi katrangan babagan manungsa lan kewan purbakala ingkang wonten ing situs Sangiran watara 1 yuta warsa kepungkur. Ruangan kaloro ingkang luwih wiyar, nggadahi kathah sanget materi rinci babagan macem-macem fosil ingkang ditemokake wonten ing Sangiran lan babagan sejarah eksplorasi wonten ing situs kasebut. Kamar katelu, kanthi presentasi ingkang nggumunake, ngemot diorama gedhe ingkang nyedhiyakake pemandangan kabeh wilayah Sangiran, kanthi latar mburi gunung geni kayata Gunung Lawu, wong lan kewan ing latar ngarep, kados ingkang dipun bayangake udakara 1 yuta warsa kepungkur. Sawetara presentasi ing aula katelu puniki nggambarake karya pematung paleontologi internasional Elisabeth Daynes.
Sajarah
Musiyum Sangiran dipundhirikaken wonten ing warsa 1977. Pembangunan Musiyum Sangiran dipunlampahaken kaliyan kathahipun pamanggihan benda-benda purbakala ingkang dipunpanggihaken ing laladan situs manungsa purwa Sangiran. Laladan Situs Sangiran inggih punika puser gesang manungsa purwa wonten ing jaman pra sejarah. Area situs inggih punika jejak tilaran umur kalih yuta ngantos 200.000 warsa ingkang rumiyin, taksih angsal dipunpanggihaken ngantos wekdal puniki. Wonten ing warsa 1930-an GHR Von Koenigswald, setunggaling tiyang ahli paleoantropoligi saking Jerman ingkang nyambut damel ing pamarintahan walandi wonten ing Bandhung neliti manungsa purwa lan kewan purwa ing laladan Sangiran. Piyambakipun manggihaken fosil Homo Erectus saha pinten-pinten fosilkewan. Koenigswald ugi nglatih masyarakat sak enggen kangge nepangi fosil kaliyan cara ingkang leres wekdal manggihaken fosil.[9]
Wonten ing awalipun, kasil panaliten dipunkempalaken ing griya Toto Marsono, sirah dhusun krikilan ngantos warsa 1975. Wonten ing wekdal puniku, kathah wisatawan ingkang dugi dhateng papan kasebat. Lajeng muncul ide kangge yasa setunggaling musiyum. Awalipun, musiyum Sangiran dipunbangun kaliyan wiyar 1000 mèter persegi, panggenan musiyum wonten ing sisi balai Dhusun Krikilan. Bangunan musiyum ingkang representatif enggal dipunlampahaken wonten ing warsa 1980 amargi fosil ingkang dipunpanggihaken saya kathah saha kangge nglayani wisatawan.[9]
Miturut umumè, sajarah pembangunan Musiyum Manungsa Purwa Sangiran kaperang dados pirang-pirang tahapan, inggih punika:
1977: Pamaréntah Indonésia mènèhi dhaérah sing jembaré 56 kilomèter persegi ing saubengé Sangiran minangka Kawasan Cagar Budaya.[3]
1988: Musiyum lokal prasaja lan situs laboratoriumkonservasi diadegaké wonten ing Sangiran.
Pangrembakane Situs Sangiran miturut sakabehe boten tanpa ana kontroversi. Penggalian ingkang boten dikendhaleni lan perdagangan fosil ilegal sampun kedadeyan ing macem-macem kesempatan wiwit situs kasebut pisanan ditemokake. Wonten ing sawetara wektu, warga desa ing wilayah kasebut kerep ndudhuk lan ngedol fosil marang para panuku lokal. Sasampunipun dipundadosaken Undang-undang Nasional Nomor 5 Tahun 1992 ngengingi benda cagar budaya, kedadosan menika wonten kontrol ingkang kuat.[11] Nanging, kegiatan ilegal terus kedadeyan ing taun-taun pungkasan.[12] Wonten ing warsa 2010, contone, warga Amerika Serikat sing ngaku dadi ilmuwan dicekel ing cedhak Sangiran nalika lelungan nganggo truk sing ngemot 43 jinis fosil wonten ing kothak lan karung kanthi rega peken sawentawis $ 2 yuta.[13]
Enggal-enggal puniki wonten rembugan ing media Indonesia babagan kepriye pembangunan situs Sangiran boten saged nuwuhake manfaat nyata kanggo masyarakat padesan ing wilayah kasebut.[14]
↑Etty Indriati, Warisan budaya dan munusia purba Indonesia Sangiran [Cultural heritage and ancient Indonesian man Sangiran], PT Citra Aji Parama, Yogyakarta, 2009.
↑Sri Rejeksi, 'Sangiran, Bumi manusia Jawa yang tandus' [Sangiran, Java's barren homelands], Kompas, 16 March 2013. Also Sri Rejeksi, 'Tanah Air: Wajah Kontradiktif Sangiran' [Homeland: The Contradictory Face of Sangiran], Kompas, 16 March 2013.