Mausoleum Maussollos kondhang ugi kaliyan sebatan Mausoleum Halicarnassus amargi wontenipun ing Halicarnassus [1],(abasaYunani, Μαυσωλεῖον Ἁλικαρνασσεύς, Μαυσωλεῖον τοῦ Ἁλικαρνασσοῦ (Ἀλικαρνασσοῦ)) inggih punika kuburan ingkang dipunyasa watara taun 353 kanthi 350 SM wonten Halicarnassus (Bodrum, sapunika Turki) ingkang dipunyasa kanggé Mausolus, satrap (utawi gurbernur provinsi)[2] wonten andhapipun kakaisaran Pèrsi[3] kaliyan Artemisia II saking Caria, garwanipun.[1]
Makam saking Mausollus punika gadhah patung ingkang ngiasi, patung mau dioundamel kaliyan pamatung ingkang saé piyambak kaya ta Bryaxis, Leochares, Scopas ugi Timotius, taksih wonten artefak ingkang dipunsimpen wonten London.[1]
Inggilipun kinten-kinten 45 mèter.[4]
wonten sumber sanès ingkang nyebat, inggil saking mauseluem punika ngantos 140 mèter[2], ugi 60 mèter.[5]
Kuburan ingkang ageng punika dipunpengaruhi kabudayan ingkang sanès saking Pèrsi, Yunani kaliyan Mesir.[6]
Kabudayaan saking Pèrsi kapanggih saking gaya ruanganipun, kabudayan saking Yunani kapanggih wonten bangunannipun ingkang gadhah tingkat kalih, kabudayan saking Mesir kapanggih saking gaya piramida wonten tlatah Mesir.[6]
Isi saking yasan punika 250 patung.[6]
dipundamel saking 36 kolon Ionic, dipunhiasi dekorasi ingkang dipundamel déning para pematung ingkang kondhang wonten Yunani kuna.[5]
Sajarah Mausoleum Mausollus
Mausoleum dipunyasa
Dipunbangun wonten Halicarnassus (taun 377 SM),
kutha krajan saking kraton alit ingkang wonten ing pasisir Mediterania wonten Asia Alit.[3][7]
Kuburan punika wonten Memori watara taun 353-350 sadèrèngipun masehi[7],
dipunyasa nalika sabubaripun pamaréntahan Raja Mausolus kaliyan ingkang garwa (Artemisia),putra-putrimipun saking Hecatomnus salami 24 taun[3],
ingkang mangke dodos pakuburan saking raja punika.[1]
Raja Mausolus punika mendhet garwa adhinipun inggih punika Artemisia.name="MAU MAU2"/>
raja punika putra ingkang palling tuwa saking Hecatomnus[7],
Hecatomnus amerintah pasisir Mediterania kados kraton alit wonten Asia alit.[1]
Nalika Raja Mausolus ninggal dunya, Artemis gadhah pamanggih supados yasa mausoleum kangem garwanipun Raja Mausolus,
mausoleum punika ingkang kondhang dados pitu kaajaiban kuna ing dunya.[1][3]
Makam punika dados bukti cinta kasih antara janda Artemisia kaliyan ingkang garwa.[6]
Arkeolog jlentrehaken manawi ing salah satunggaling upacara kanggé ngurmati garwanipun, Artemisia amarintah pamakaman kanggé garwanipun anggangge ritual ingkang aneh, atusan kéwan dipundadosaken kurban kanggé ngurmati sang Raja.[6]
Mausoleum Ambruk
Pamakaman kanggé Raja Mausolus punika wonten ngantos 16 abad, kanthi ambruk amargi lindhu ingkang andadosaken cagak-cagak ingkang yangga yasan punika boten kiyat kemalih.[1]
Rusak amarga panjarah kubur ugi.[7]
Nalika awal abad kaping 15 Masehi Knights of Jhon saking Malta,
yasa bètèng ngagem watu saking ambrukan Mausoleum punika.[1][6]
Benteng punika dipunyasa supados pertahanan bala Salib aget tambah kiyat.[3]
Taun 1846 musium arkéologi dawuhi Charles Thomas Newton,
supados manggihi mausoleum wau.[3]
aget kapanggih patung saking Mausolus ugi garwanipun ingkang jumeneng
wonten inggilipun mausoleum.[3]
Sapunika karya seni agung ingkang éndah punika dipunsimpen wonten British Museum.[3]
Wonten sumber sanès ingkang mènèhi informasi, manawi watu saking sisa mauseleum punika dipun-ginakaken kanggé mabngun pura Bodrum.[5]
Situs saking makam punika kapanggih nalika taun 1857 déning Sir Charles Newton, Didyma kaliyan Cnidus.[5]
20 taun ing tembe, tim arkéologi saking Dhènemarken kaliyan konsevator, dipundawuh Prof Kristian Jeppesen saking Universitas Aarhur wonten ing Dhènemarken.[5]
Sampun ngeruk madosi makam mau, ingkang taksih saged dipunlestari inggih punika ruwang ngisor lemah ingkang kapanggih wonten sakiwa-tengené bètèng.[5]
Mausoleum punika dipundadosaken musiyum (dipunbikak nalika taun 1988), dipunbiyantu déning pamarintah Turki kaliyan Dhènemarken, sapunika dipunmanajemen déning
manajenem Bodrum Museum of Underwater Arkéologi.[5]
Rujukan
(ing basa Prancis)Bodream, Jean-Pierre Thiollet, Anagramme, Paris, ISBN 978-2-35035-279-4