Kabupatèn Pemalang iki jembaré ana 111.530 Ha lan dibagi 14 Kecamatan. Kecamatan sing paling jembar yaiku Kecamatan Bantarbolang, jembaré 139,19 km2 lan kecamatan sing paling cilik jembaré 26,31 km2 yaiku Kecamatan Warungpring.
Cacahé warga Kabupaten Pemalang rikala taun 2013 yaiku : 1.279.596 wong. Urutan paling dhuwur yaiku saka Kecamatan Pemalang cacahé 175.994 wong, Kecamatan Taman cacahé 160.277 wong mawa Kecamatan Petarukan ana 145.250 wong. Kecamatan Warungpring, Bodeh lan Pulosari yaiku telung kecamatan kang urutan ngisor paling sethithik, yaiku para warga Kecamatan Warungpring cacahé 38.401 wong, Kecamatan Bodeh saakeh 53,912 wong lan Kecamatan Pulosari 55.253 wong.
Laju tuwuhan para warga Kabupatèn Pemalang saben taun sajroné sapuluh taun paling akhir yaiku saka taun 2000-2010 kurang luwih 0,004 persen. Laju tuwuhan iki kalebu cendhèk yèn dibandingna karo laju tuwuhan taun 1990-2000 sing gedhéné 1,28 persen, artiné ana pamudhunan laju tuwuhan para warga sing cukup signifikan. Iki bisa diartekné menawa program pamaréntah Kabupatèn Pemalang nyakaké laju tuwuhan para warga ana kasilé.[2]
Sajarah
Anané Pemalang ing abad XVI bisa digayutaké karo cathetan Rijkloff van Goens lan dhata ing buku W. Fruin-Mees sing njlèntrèhaké manawa ing taun 1575 Pemalang iku dadi salah siji saka 14 laladan kang mardika ing Pulo Jawa, sing dipanggedhèni déning pangéran utawa ratu. Ing perkembangané, Sénopati lan Panembahan Sedo Krapyak saka Mataram nelukaké laladan-laladan kasébut, ing antarané Pemalang. Wiwit iku Pemalang dadi laladan vasal Mataram sing dipréntah déning pangéran utawa ratu vasal.[1]
Pemalang lan Kendhal ing mangsa sadurungé abad XVII iku laladan sing luwih wigati tinimbang Tegal, Pekalongan lan Semarang. Amarga saka iku dalan gedhé sing ngubungaké laladan pasisir lor karo laladan pedalaman Jawa Tengah (Mataram) sing ngliwati Pemalang lan Wiradésa dianggep dalan tuwa dhéwé sing ngubungaké rong kawasan mau.
Populasi sing ndunungi minangka pemukiman ing padésan sing wis tumata muncul ing kalamangsa abad wiwitan Masehi nganti abad XIV lan XV, lan sabanjuré tuwuh ngrembaka ing abad XVI, yaiku ing ing sajeroning mangsa perkembangan Islam ing Jawa sangisoré Krajan Demak, Cirebon lan Mataram.
Kagunan Kabudayan
Sintren, kesenian iki nggambaraké laku uripé bocah wadon sing isih gadhis, dilakokaké déning gadhis sing isih prawan lan durung akil balik.[3]
Jogèd ATBM, sawijiné jogèd cekakan saka ukara Piranti Tenun Bukan Mesin, jogèd kanggo mromosikake prodhuk unggulan Pemalang wujud sarung tenun lurik asil kerajinan masarakat ing Kacamatan Taman.
Kabupatèn Pemalang akèhé saka suku Jawa. Ing sisih kulon lan kidul, pendunungé ngomongé nganggo basa Jawa dhialèk Tegal lan Banyumas, ing sisih wétan kaya ing Petarukan, Comal, Ulujami, Ampelgading lan Bodeh nganggo basa Jawa dhialèk Pekalongan.
ATBM, Industri cilik krajinan Tenun ATBM akèh ditemoni ing Désa Wanarejan, Désa Bèji Kec. Taman Kabupatén Pemalang. Prodhuksi sing dihasilké awujud sarung kemabang / goyor sarung palekat kain lurik kas Pemalang Prodhuksi sarung goyor mau wis akèh sing ngerti lan pemasarané nganti luar laladan lan manca nganti tekan Afrika Timur lan Timur Tengah.[1]
Pasisir Widuri. Obyèk wisata iki dadi andhalané Pemalang ing sèktor pariwisata, dumunung ing désa Widuri Kacamatan Pemalang. Pasisir iki duwé sesawangan sing éndah, mligi ing wektu sunset (srengéngé arep kangslup) lan sunrise (srengéngé arep njedhul).[4]
Kolam Renang dan Peristirahatan Moga
Cepaka Wulung
Curug Sibedil
Curug Sipendok
Telaga Silating
Curug Bengkawah
Gunung Gajah
Goa Gunung Wangi
Pasisir Joko Tingkir
Pasisir Blendung
Pasisir Widuri
Bukit Mendelem
Curug Lawang
Curug Barong
Telaga Rengganis
Bèji Bening
Kuliner
Panganan kas saka Pemalang yaiku grombyang, lonthong dhekem, kamir, lan apem Comal.