Honda Motor Company, Ltd. (Japanese: 本田技研工業株式会社,Honda Giken Kōgyō Kabushiki-gaisha?, Honda Technology Research Institute Company, Limited)pirengaken (pitulung·info) (TYO: 7267) inggih punika prodhusèn montor, trek, motor, lan skuter ingkang asalipun saking negri Jepang.[3]Honda wiwit wonten ing tanggal 24 September 1948, déning Soichiro Honda.[3] Honda dados prodhusen montor ingkang paling ageng sadonya wiwit taun 1959.[3] Honda ugi dados prodhusen mesin pembakaran dalam paling ageng sadonya kanthi prodhuksi langkung saking sekawan welas juta saben satunggal taun.[4]
Honda sukses nggeser Nissan minangka prodhusen mobil paling ageng utawa kathah nomer kalih ing Jepang taun 2001.[5] Honda ugi suksès nggèsèr Chrysler supados dados prodhusèn mobil paling ageng nomer sekawan ing pasarAmérikah Sarékat.[6] Sapunika, Honda dados pabrikanmobil paling ageng nomer enem sadonya.[4] Taun 2004, Honda sampun mrodhuksi montor diesel, ingkang kaunggulanipun inggih punika boten mbetahaken saringan kanggé nglangkungi standar polusi.[4]Honda dados pabrikan Jepang ingkang wiwitan damel mobil mewah kanthi merek Acura kanggé mobil mewah ing Amérika Ler.[4] Kaunggulanipun prodhuk Honda inggih punika kiyat lan jarang risak.[4] Mligi ing Indonesia, prodhuk Honda ingkang palung misuwur utawi memasyarakat inggih punika prodhuk montor.[4] Kantor pusat Honda wonten ing Tokyo. Saham Honda dipunsade ing kathah bursa saham, kados Bursa Saham Tokyo, Bursa Saham New York, Osaka, Nagoya, Sapporo, Kyoto, Fukuoka, London, Paris, lan Switserlan.[4]