Herman Johannes
Prof. Dr. Ir. Herman Johannes, asring uga diserat Herman Yohannes utawa Herman Yohanes (lair ing Pulo Rote, Nusa Tenggara Wétan, 28 Mèi 1912 – pati ing Ngayogyakarta, 17 Oktober 1992 ing umur 80 taun) ya iku cendekiawan, pulitikus, ilmuwan Indonésia, guru Gedhe Universitas Gadjah Mada (UGM), lan Pahlawan Nasional Indonésia. Panjenengané uga duwé jabatan dadi Rektor Universitas Gadjah Mada (1961-1966), Koordinator Perguruan Tinggi (Koperti) taun 1966-1979, anggota Dewan Pertimbangan Agung (DPA) RI (1968-1978), lan Menteri Pekerjaan Umum (1950-1951).[1][2]
Kauripan
Sawisé Indonésia mardhika, Herman Johannes nerusaké pendhidhikan ing Sekolah Tinggi Tèknik ing Ngayogyakarta kang saiki jenengé dadi Fakultas Tèknik Universitas Gadjah Mada. Herman Johannes uga dadi wong kang ngadegaké Fakultas Tèknik UGM. Sawisé lulus saka kana, Herman Johannes nduwèni gelar insinyur. Nanging, gelar insinyur kuwi mau ora bisa ngalangi dhèwèké kanggo mèlu perang karo Walanda. Herman Johannes kalebu wong kang pinter gawé bom. Amarga dhèwèké duwé ilmu ing babagan Fisika lan Kimia, Letkol Suharto kang nalika jaman semana dadri Komandan Resimen XXII TNI ing Ngayogyakarta njaluk tulung marang Herman Johannes kanggo masang bom ing jembatan sepur ing dhaérah Kali Praga. Herman Johannes dijaluki tulung kanggo masang bom amarga dhèwèké ahli ing téori jembatan nalika sekolah ing Bandung.[3] Kawit biyèn Herman Johannes wis duwé pangalaman mèlu gerilya lan amarga kuwi, dhèwèké uga mèlu ing prastawa Serangan Umum 1 Maret 1949 ing kutha Ngayogyakarta nalika Ngayogyakarta bisa dadi ibu kota nagara 6 jam suwéné[1]
Taun 1955, Herman Johannes krama karo Annie Marie Gilbertine Amalo, ya iku anaké raja saka Leli ing Pulo Rote. Saka kramané, Herman Johannes duwé anak cacahé papat. Anak-anaké Herman Johannes, ya iku Christine, Henriette, Daniel Johannes, lan Helmi Johannes. Herman Johannes séda ing tanggal 17 Oktober 1992 amarga duwé lelara kanker prostat. Herman Johannes disarèkaké ing Pemakaman Keluarga UGM ing Sawitsari, Ngayogyakarta. Amarga duwé jasa-jasa kanggo nagara Indonésia, Herman Johannes diwènèhi gelar Pahlawan Nasional ing taun 2009 kang wektu kuwi Indonésia dipimpin déning Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.[1]
Pendhidhikan
- Sekolah Melayu, Baa, Rote, Nusa Tenggara Wétan (1921)[4]
- Europesche Lagere School (ELS), Kupang, NTT, 1922[4]
- Meer Uitgebreid Lager Onderwijs (MULO), Kutha Makassar, Sulawesi Kidul (1928)[4]
- Algemene Middelbare School (AMS), Batavia (1931)[4]
- Technische Hogeschool (THS), Bandung (1934)[4]
Pakaryan
Pamarkarya
- Guru, Cursus tot Opleiding van Middelbare Bouwkundingen (COMB), Bandung, 1940
- Guru, Sekolah Menengah Tinggi (SMT), Jakarta, 1942
- Dosen Fisika, Sekolah Tinggi Kedhokteran, Salemba, Jakarta, 1943
- Lektor, Sekolah Tinggi Teknik (STT) Bandung di Yogyakarta, 1946–1948
- Mahaguru, STT Bandung di Yogyakarta, Juni 1948
- Dekan Fakultas Teknik UGM, Yogyakarta, 1951–1956
- Dekan Fakultas Ilmu Pengetahuan Alam (FIPA) UGM, Yogyakarta, 1955–1962
- Rektor, Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta, 1961–1966[5]
- Koordinator Perguruan Tinggi (Koperti), DIJ-Jateng, 1966–1979
- Ketua, Regional Science and Development Center (RSDC), Yogyakarta, 1969
Makarya liya
- Anggota, Komite Nasional Indonésia Pusat (KNIP), 1945–1946
- Mantri Pekerjaan Umum dan Tenaga RI, 1950–1951
- Anggota Executive Board UNESCO, Paris, 1954-1957
- Anggota Dewan Nasional, 1957–1958
- Anggota Dewan Perancang Nasional (Deppernas), 1958–1962
- Anggota, Dewan Pertimbangan Agung RI (DPA RI), 1968–1978
- Anggota Komisi Empat (Tim Pemberantasan Korupsi), 1970
- Anggota, Panitia Istilah Teknik, Departemen Pekerjaan Umum RI, 1969–1975
- Anggota, Majelis Basa Indonésia-Malaysia (MABIM), 1972–1976
- Anggota Pepunas Ristek, Jakarta, 1980–1985
- Anggota Dewan Riset Nasional, 1985–1992
Karier Militer
- Kepala Laboratorium Persenjataan, Markas Tertinggi Tentara, Yogyakarta, 1946
- Anggota Pasukan Akademi Militer Yogyakarta, Sektor Sub-Wehrkreise 104, Dhésèmber 1948–Juni 1949
- Dosen, Akademi Militer Yogyakarta, 1946–1948
- Pangkat terakhir: Mayor TNI, 1949
- Komandan Resimen Mahakarta, 1962–1965
Pakumpulan
- Christen Studenten Vereniging (CSV), Bandung, 1934
- Indonesische Studenten Vereniging (ISV), Bandung, 1934
- Timorese Jongeren/Ketua Perkumpulan Kebangsaan Timor (PKT), Bandung, 1934
- Anggota, Angkatan Muda Pegawai Républik Indonésia (AMPRI), Jakarta, 1945
- Ketua, Gerakan Rakyat Indonésia Sunda Kecil (GRISK), 1947
- Parté Indonesia Raya (PIR) 1948
- Ketua, Yayasan Hatta, 1950–1992
- Pernah njabat Ketua Kulawarga Alumni Universitas Gadjah Mada (KAGAMA), 1958-1961, 1973-1981[6]
- Pernah njabat Ketua Legiun Veteran Yogyakarta
- Pernah njabat pangurus Legiun Veteran Républik Indonésia (LVRI) Pusat
- Anggota Persatuan Insinyur Indonésia (PII)
Pangaji-aji
- Bintang Gerilya, 1958
- Satya Lencana Perjuangan Kemerdekaan, 1961
- Satya Lencana Wirakarya, 1971
- Bintang Mahaputra, 1973
- Dhoktor Honoris Causa, UGM, 1975
- Bintang Legiun Veteran RI, 1981
- Anugerah Sri Sultan Hamengkubuwono IX, 1991
- Pahlawan Nasional, 2009
Karya tulis
- Zarrah-zarrah Fisika Modern, (Jajasan Fonds Universitit Negeri Gadjah Mada, 1953)
- Pantjasila Seichtisar dalam Kata-Kata Bung Karno, (Universitas Gadjah Mada, 1963)
- Teknik Squeeze dalam Bridge, (PT Indira, Jakarta, 1970)
- Pengantar Matematika untuk Ékonomi, (bersama Budiono Sri Handoko; Pustaka LP3ES, Jakarta 1974)
- Gaya Basa Keilmuan, (Universitas Gadjah Mada, 1979)
- Membina Basa Indonésia Menjadi Basa yang Ilmiah, Indah dan Lincah, (Universitas Gadjah Mada, 1980)
- Kamus Istilah Ilmu dan Teknologi, (PT Indira, Jakarta, 1981)
- Aneka Teknik Sepit, (Penerbit Liberty, Yogyakarta, 1989)
Rujukan
Pranala njaba
|
---|
Pulitik | |
---|
Militèr | |
---|
Kamardikan | |
---|
Revolusi | |
---|
Pergerakan | |
---|
Sastra | |
---|
Seni | |
---|
Pandhidhikan | |
---|
Integrasi | |
---|
Pers | |
---|
Pambangunan | |
---|
Agama | |
---|
Perjuangan | |
---|
|
|
|