Sawisé Gréja Apostolik Armenia, bebarengan Gréja-Gréja Ortodoks Oriental, kanthi resmi metu saka persekuthuan karo gréja-gréja Khalsedonia (Gréja-gréja kang nampa asil putusan konsili Khalsedon), akèh biskop Armenia nyoba mulihaké persekuthuan penuh karo Gréja Katulik. Nalika taun 1195 suwéné Perang Salib, gréja karajan Armenia ing Kilikia lumebu sajeroning panunggalan karo Gréja Katulik Roma. Panunggalan iki kajaga nganti Kilikia ditelukaké déning para Mameluk nalika taun 1375.
Panunggalan iku banjur dipulihaké manèh sajeroning konsili Florensia nalika taun 1439, nanging ora ngétokaké asil kang nyata nganti taun 1740, nalika Abraham-Petrus I Ardzivian, kang sadurungé wis dadi Katulik, kapilih minangka patriarkSis. Rong taun sabanjuré Paus Benediktus XIV kanthi resmi madegaké Gréja Katulik Armenia. Kantor pusat patriarkat banjur dipindhahaké menyang Beirut. Sakwéné pambantaian ètnis Armenia kang saka taun 1915 nganti 1918 gréja iki kasebar menyang nagara-nagara sakiwatengané, mligi Syria.
Gréja Katulik Armenia uga wujud sebutan saka gréja kang diwangun déning wong-wong Armenia kang urip ing Polen nalika taun 1620 sawisé pamanunggalan Leopolis déning Mikołaj (Nicholas) Torosowicz, kang wiwit wektu iku njalin gegandhèngan karo Gréja Katulik Armenia kang luwih awal. Sapérangan umaté migrasi menyang Swèdhen, lan mbentuk salah siji saka sapérangan komunitas Katulik ing Swèdhen. Delengen Gréja Katulik ing Swèdhen.
Patriark saiki yaiku Nerses Bedros XIX. Gréja iki wujud salah siji saka gréja-gréja Katulik ritus wétan sarta migunakaké ritus Armenia lan basa Armenia sajeroning liturgi.