Badan SAR Nasional (dicekak Basarnas) ya iku Lembaga Pamaréntah Non KementrianIndonésia kang duwèni tugas saka pamaréntah ing pérangan golèk lan nulung (search and rescue/SAR) ing bencana.[1] Basarnas duwèni tugas pokok pembinaan, koordinasi, lan kendali potensi SAR ing kagiyatan SAR nulung wong lan material kang ilang utawa dikhawatirké ilang utawa ana bebaya ing pelayaran utawa penerbangan, lan uga nulung ing bencana lan musibah liyané kang trep karo aturan SAR nasional lan internasional.[1]
Sajarah Basarnas dimulai nalika metu Dudutan Présidhèn No 11 Taun 1972 tanggal 28 Fèbruari 1972 ing bab Badan SAR Indonesia (BASARI), kang duwé tugas pokok nangani musibah kacilakaan lan pelayaran.[1] BASARI duwé tanggungjawab marang Présidhèn lan minangka pelaksana ing lapangan dipasrahké ning PUSARNAS (Pusat SAR Nasional) kang dibawahi pejabat saka Departemen Perhubungan.[2]
Dadi jelas tugas lan fungsi SAR ya iku tetulung ing musibah pelayaran lan/utawa penerbangan, lan/utawa musibah liyané.[2] Tugas kang dikarepaké ana 2 ya iku golèk (search) lan nulung (rescue).[2] Ing sajeroning tugas ing musibah pelayaran lan penerbangan uga kudu trep karo IMO lan ICAO.[2]
Kantor SAR Kelas A:
Kantor SAR Medan
Kantor SAR Jakarta
Kantor SAR Surabaya
Kantor SAR Denpasar
Kantor SAR Makassar
Kantor SAR Biak
Kantor SAR Manado
Kantor SAR Padang
Kantor SAR Semarang
Kantor SAR Kelas B:
Kantor SAR Banda Acèh
Kantor SAR Pekanbaru
Kantor SAR Tanjung Pinang
Kantor SAR Pangkal Pinang
Kantor SAR Palembang
Kantor SAR Palu
Kantor SAR Pontianak
Kantor SAR Banjarmasin
Kantor SAR Balikpapan
Kantor SAR Ternate
Kantor SAR Kendari
Kantor SAR Kupang
Kantor SAR Mataram
Kantor SAR Ambon
Kantor SAR Jayapura
Kantor SAR Sorong
Kantor SAR Timika
Kantor SAR Merauke
Kantor SAR Bandung
Kantor SAR Jambi
Kepala
Marskal Madya Dono Indarto (1972-1985)
Marsda Hasari Hasanudin (1985-1992)
Laksma Harinto (1992-1998)
Alm. Laksda Setio Rahardjo, SIP (1998-2003)
Laksda Yayun Riyanto (2003-2006)
Laksma Bambang Karnoyudho (2006-2008)
Marsekal Madya TNI Ida Bagus Sanubari (2008-2010)
Marsekal Madya TNI Wardjoko (Okt 2010-Des 2010)
Letnan Jenderal (Mar) TNI Nono Sampono (Des 2010-Jul 2011)
Marsekal Madya TNI Daryatmo, S.IP (Jul 2011-2012)
Letnan Jendral (Mar) TNI M. Alfan Baharudin (2012-Des 2013)
Marsekal Madya TNI FHB Soelistyo (2014-sekarang)
Alamat Kantor
Kantor Pusat BASARNAS
Alamat: Jl Angkasa B 15 Kav 2-3, Kemayoran, Jakarta Pusat