Abu Mansur Muwaffaq bin Ali al Harawi, (Pèrsi: ابو منصور موفق بن علی هروي) iku dhokter saka Pèrsi nalika abad kaping 10.[1]
Gedhé ning laladan Herat diasuh déning pangeran Samanid Mansur ibn Nuhsaya nalika memerintah ning taun 961-976 [1]
Piyambaké iku kang kapisan nyusun risalah babagan medis ning basa Pèrsi, piyambaké nglakoni parjalanan kanthi ekstensif ning laladan Pèrsi lan laladan India kanggo ngumpulké kabèh info kang diperlukaké.[1]
Irformasi kang diserat diolehi saka Yunani, Syriac, Pèrsi, Arab lan Hindhu.[2]
Kimiawan kang andewi prabawa gedhé ning ngèlmu kawruh, kaya ngèlmu kimia, usada utawa medis.[3]
Karya-karya Abu Mansur Muffaq bin Ali al Harawi
Piyambaké nulis buku kra-kira 968 nganti 977, kitab remedies (kitab al abnyia, babagan Haqa'iq al adwiya), kang kagolong prosa tuwa dhéwé saka jaman Pèrsimodern.[1][2]
Prosa mau ana gayutané karo 585 macem obat (466 obat asalé saka tuwuhan, 75 obat asalé saka tuwuhan lan 44 obat asalé saka kéwan) digolongké maring kelompoké dhéwé-dhéwé kagolong karo sipat asalé obat.[1][2]
Piyambaké mbedakaké natrium karbonat lan kalium karbonat, bisa dingeteni Abu Mansur Muwaffaq bin Ali al Harawi duwé kawruh babagan arsen oksida, oksida tembaga, asem silikat lan antimony.[1]
Piyambaké uga ngerti babagan efek toxilogical senyawa tembaga lan timah.[1]
Abu Mansur Ali al Harawi migunakaké ilmuné kanggo gawé obat kang informasiné diolehi saka buku kang diserat.[4]
Amerga pangetahuan saka Abu Mansur, ngèlmu medis babagan obat lan bedhah saka plester esih digunakaké kanthi saiki ning laladan Paris.[4]