Wadhuk Jatibarang inggih punika wadhuk ingkang dumunung wonten ing Desa Kandri, Kacamatan Gunungpati, Kutha Semarang .[1][2] Pambangunan waduk puniki rampung sawise dipunbangun kurang luwih patang taun lan proses ngisi banyu dipunwiwiti tanggal 5 Mei2014 ngepasi pengetan Hari Air Sedunia kaping 22 dening Menteri Pekerjaan Umum, Djoko Kirmanto, bebarengan kaliyan GubernurJawa TengahGanjarPranowo, lan Kepala Pusat Wilayah Kali Pemali Juana, Imam Santoso.
Wadhuk Jatibarang resmi dipun bikak lan beroperasi tanggal 11 Mei 2015. Peresmian katindakake dening Dirjen Sumber Daya Air, Mudjiadi, katepatan kaliyan pengetan Hari Air Sedunia kaping 22 tingkat Provinsi Jawa Tengah .
Wadhuk Jatibarang nduweni kapasitas 20,4 yuta meter kubik. [3] Saliyane kagem ngatasi masalah banjir, wadhuk puniki uga dados salah sawijining tujuan wisata wonten ing Kutha Semarang amarga ing tengah waduk puniki wonten pulo alit ingkang wonten obyek wisata liyane, yaiku Guwa Kreo .[4][5][6]
Fungsi
Kayadene wadhuk liyane, wadhuk Jatibarang ingkang dumunung ing Desa Kandri, Kecamatan Gunungpati, Kota Semarang, uga nduweni fungsi utama, inggih punika kagem ngendheg banjir ing Kutha Semarang . Menteri Pekerjaan Umum Djoko Kirmanto ngandhakake, waduk Jatibarang minangka fasilitas proyek kagem Kementerian Pekerjaan Umum ingkang dados tugas pokok Proyek Umum (PU). [7] Gagasan kagem mbentuk wadhuk Jatibarang piyambak amarga kahanan banjir wonten ing Kutha Semarang ing warsa 1973, 1988, 1990 lan 1993 ingkang nyebabake korban jiwa. Mung wonten ing warsa 1992 - 1993 rencana induk kagem nggawe waduk serbaguna ingkang dipunisi banyu saka Kali Kreo dipunbentuk.[8]
Saliyane kagem ngendhaleni banjir, pembangunan waduk uga nduweni fungsi kagem nyediakake banyu baku ing wilayah Kutha Semarang Kulon, inggih punika 1.050 liter/detik. Fungsi liyane yaiku ningkatake kelestarian fungsi konservasi ing Daerah Aliran Sungai (DAS).
Wadhuk jatibarang dipunbangun dening Japan International Cooperation Agency (JICA) kanthi biaya Rp 700 milyar. [9]Wadhuk puniki uga nduweni fungsi minangka Pembangkit Listrik Tenaga Mikro Hydro (PLTMH) kanthi kapasitas 1,5 MegaWatt. [10]
↑"Salinan arsip". Diarsip saka sing asli ing 2016-10-18. Dibukak ing 2016-10-18. {{cite web}}: Unknown parameter |dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)