Umaru Musa Yar'Adua (lair ing Katsina, Nigeria, 16 Agustus 1951 – pati 5 Mèi 2010 ing umur 58 taun)[1][2][3] iku Présidhèn Nigeria. Panjenengané sadurungé njabat minangka Gubernur Praja Katsina sing ana ing Nigeria pérangan lor wiwit tanggal 29 Mèi 1999 nganti panjenengané menang sajeroning pemilu 2007 sing diadani tanggal 22 April 2007. Panjenengané dilantik kanthi resmi lan dijupuk sumpahé tanggal 29 Mèi 2007. Yar'Adua iku anggota Parté Rakyat Dhémokratik sing dominan ing Nigeria. Sisihané ya iku Turai Umaru Yar'adua.
Pilihan umum 2007
Tanggal 23 April 2007, Yar'Adua menang sajeroning pilihan umum Présidhèn Nigeria kanthi pèntukan 24,6 yuta swara sing dinyatakaké déning sumber resmi lan kapercaya.[4]
Réferènsi
Pranala njaba