Trompèt iku salah siji piranti musik kang cara nggunakaké kanthi disebul. Piranti iki kagawé saka bahan logam. Ana ing panggonan paling dhuwur ing antarané tuba, eufonium, trombon, sousafon, French horn, lan Bariton. Trompèt ing-pitch B♭.
Trompèt mung duwé telung papan kanggo dipenyet, tukang main trompet kudu bisa anggoné ngatur embouchure supaya bisa ngasilaké nada utawa laras kang béda.
Jinising trompèt
Trompet kang lumrah iku kang awujud trompet B♭, nanging trompet C, D, E♭, E, F, G lan A uga ana. Trompet C paling akèh digunakaké ing orkestraAmérika, kanthi wujud kang luwih cilik ndadèkaké suwara kang diasilaké luwih apik tinimbang trompèt B♭.
Dolalan trompèt
Kabèh wong mesthi bisa dolanan trompèt, nanging kanggo wong kang pagaweane migunakaké trompet minangka piranti seni musik dibutuhake ambegané sing dawa lan kuwat. Lumrahé wong kang seneng ngrokok, rada angèl yèn dadi juru main trompet, amarga ambegane luwih cendhak tinimbang wong kang ora ngrokok.