Wonten ing Basa Dongi inggih punika basa asli Sorowako, Tlaga Matano ateges mata air. Amargi tlaga punika kadhapuk saking èwunan mata toya ingkang medal amargi obahan tektonik (lipatan lan tugelan kerak bumi) ingkang kadadosan ing kiwa-tengené laladan litosfir. Miturut panalitèn, tlaga ingkang kadadosan awit saking bentukan alam ingkang wonten ing Sorowako punika kalebet langka ing donya. Amargi mbetahaken wekdal kirang langkung 4 juta taun supados lipatan lan tugelan kerak bumi punika kaisi toya lajeng dados tlaga. Tlaga ingkang kados makaten punika ugi wonten ing Tlaga Laut Mati ing Lembah Jordan, Mesir lan Death Balley, Amérikah Sarékat[1].
Tlaga Matano punika mapan wonten ing pinggiran Sorowako ingkang wiyaripun dumugi 8.218,21 Ha. Sumber mata toya tlaga punika saking kolam kanthi ukuran 8 x 12 mèter ing Désa Matano. Pérangan pinggiran tlaga punika sapunika dipundamel dados papan rekreasi kados Pasisir Ide, Pasisir Kupu-kupu, lan Pasisir Salonsa. Tlaga Matano punika gadhah sesawangan ingkang èeksotik, toya ingkang seger lan sesawangan pinggiran tlaga ingkang kathah wit-witan saéngga katingal asri lan éndah. Wonten ing Tlaga Matano punika ugi wonten sarana rekreasi ingkang dipunjangkepi kaliyan fasilitas kados ta kayak, banana boat, jet ski, kapal pesiar saha wonten papan kados gasebo, bungalow, restoran, taman kanggé dolanan laré, lan taksih kathah malih [3].
Kaunikan Tlaga Matano
Kajawi amargi wontenipun Tlaga Matano punika saking prastawa alam ingkang langka, tlaga punika ugi gadhah kaunikan sanèsipun. Kaunikan mau inggih punika Tlaga punika asipat isothermal ingkang ateges suhu toya ing lumah lan suhu toya ing dhasaring tlaga punika béda kirang saking 2 derajad Celcius. Ing celakipun Désa Matano ingkang wonten ing kiwa-tengené tlaga punika wonten mata toya ingkang medal saking dhasaring tlaga. Ing Tlaga Matano kanthi jero 200 dumugi 300 mèter wonten kolam iwak kanthi indikasi aliran gravitasi ing dhasaring tlaga. Kajawi punika kaunikan sanèsipun punika ing tlaga punika wonten flora lan fauna ingkang endemik ing Sorowako, dados boten saged kapanggih ing papan sanèsipun [1].
Cathetan suku
↑ abc[1](id) Keunikan Danau Matano (dipun-akses tanggal 27 Dhésèmber 2012)