Tlaga Dal ya iku sawijining tlaga kang kapernah ing Srinagar, Jammu lan Kashmir, Indhi. Tlaga Dal ya iku tlaga kang ancas bakuné kanggo wisata. Saliyané wisata, kagiyatan kang bisa ditemoni ya iku budidhaya iwak. Tlaga iki dumadi saka lima ledhokan lan éwonan saluran. Tlaga iki tlaga gedhé dhéwé kaloro ing laladan Jammu lan Kashmir. Tlaga iki dikupengi déning gunung lan sakpinggiré tlaga akèh taman lan kebon buwah.[1]
Kahanan fisik
Tlaga Dal iku sawijining tlaga kang manggon ing masarakat Himalaya. Tlaga iki duwéni amba udakara 21 km persagi, lan duwéni jero rerata 1,42 mèter. Titik jero dhéwé ing tlaga iki ya iku 6 mèter. Isi banyu ing tlaga iki 9,83 yuta mèter kubik. Tlaga iki dikupengi gunung Zambarwan lan Puthuk Shankaracharya. Ing sapinggiré tlaga iki akèh taman, kebon buwah, lan sawenèh yasan tilasan Mughal. Gunggung tlaga lan laladan ing sakupengé yaiku 316 km persagi. Lemah ing sakupengé tlaga iki digunakaké masarakat kanggo makarya kang dumadi saka tabèl ing ngisor iki.[1]
Katerangan
Amba (km2)
%
Residhènan
31,89
11,6
Kebon
6,28
2,3
Alam
Tetuwuhan kayu
103,00
37,4
Tetuwuhan semak
36,26
13,2
Tetanèn
Lemah kanggo tetanèn
66,52
24,2
Ara-ara
31,25
11,4
Gunggung
275,20
100
Tlaga Dal kalebu tlaga subtropis kang diilèni déning éwonan saluran. Tlaga Dal mili menyang saluran liyané udakara 0,28 m3/s. Salah siji saluran kang dadi ilèné tlaga iki ya iku Telbal Nallah. Ilèné banyu (dhèbit) banjir ing Tebal Nallah akèh dhéwé ya iku 141,5 m3/s, nanging ing banjir taun 1973 ing Telbal Nallah, dhèbité udakara 113 m3/s.[2]
Kagiyatan
Tlaga Dal diancasaké kanggo papan plesir lan nyambut gawé. Pagawéyan kang bisa ditemoni ana ing tlaga iki kaya ta budhidhaya iwak lan nandur rumput sagara. Kagiyatan kang akkèh dhéwé dilakoni ing papan iki ya iku plesir.[3]
Prahu omah lan shrikara
Kiwa: Prahu omah ing Tlaga Dal. Tengen: Shrikara saka dhuwur
Ing abad 20, wong Inggeris lunga menyang Srinagar amarga kanggo ngedohi hawa panas ing negara sisih kidul. Amarga wong Inggeris ora kena ngyasa omah ing lemahé padunung, mula wong-wong iku padha nggawé prahu omah. Prahu-prahu omah saiki digawé kaya ta prahu kang dibangun ing taun 1930an, nanging duwéni fasilitas kang pepak. Prahu-prahu iku mau dipernahaké ing pinggiré tlaga lan ditata kanthi éndah. Manggon ing prahu iki bisa diumpamakaké kaya manggon ing sawijing cottage ing pinggir pasisir. Prahu iku duwéni kamar udakara cacah loro nganti papat. Saben prahu ora ana kunciné, nanging dijaga déning petugas. Menawa arep mangan, panganan cumepak ing ruwang mangan ing jero kapal kang diladi déning panjaga.[1]
Shrikara ya iku sawijing prahu kang bisa bisa disebut minangka taksi air. Dawané shrikara ya iku 15 ft kanthi duwéni tedheng/ kanopi. Prahu iki digawé saka kayu wit déodar. Shrikara dilakokaké déning rong uwong kanthi diwelah. Lungguhan ing shrikara iki empuk, mula para turis bisa slonjoran lan nyawang sesawagan tlaga.[4][5]
Tlaga Nagin
Kiwa: Tlaga Nagin. Tengen: Chasme Shahi
Tlaga Nagin asring dianggep kapisah saka Tlaga Dal, saknyatané tlaga iki pérangan saka Tlaga Dal. Tlaga Nagin kapernah ana sisih wétan kutha lan ing èrèngé gunung Zambarwan. Tlaga Nagin dikupengi déning Puthuk Shankaracharya (Takht-e-Sulaiman) ing sisih kidul dan Hari {arbat ing sisih kulon.[6] Dalan menyang tlaga iki namung bisa diléwati déning sepédha utawa kanthi lumaku. Dalan iku kanggo nyaluraké banyu saka sumber menyang kutha Srinagar wétan.[7]
Chasme Shahi
Chasme Shahi ya iku sawijining taman cilik dhéwé saka taman Srinagar Mughal. Taman iki duwé amba 108 meter x 38 meter.Taman iki kapernah ana ing dhuwuré Taman Nehru ing pucuké puthuk. Tuk saka taman iki duwéni khasiat kanggo ngobati penyakit. Taman iki ditata déning Ali Mardhan Khan ing taun 1632. Taman iki dumadi saka telu pérangan, ya iku saluran banyu, grojogan, lan pontèn.[6]
Hari Parbat
Hari Parbat yaiku sawijining bètèng tilasan Mughal kang manggon ing pinggiré Tlaga Dal. Bètèng iki kapernah ana ing pucuké pèrèngan Sharika. Yasan iki dibangun nalika pamaréntahan Akbar. Ing jaman saiki, bètèng iki digunakaké kanggo tentara. Miturut dongèng masarakat, pèrèngan ing yasan iki wiwitané tlaga kang gedhéné kaya sagara kang dipanggoni déning iblis kang jejuluk Jalobhava. Banjur Déwi Sati nguncali kerikil ing iblis iku banjur mati. Kerikil iku dumdi yasan Hari Parbat kang diurmati déning masarakat sakiwa-tengené.
Transportasi
Plesir menyang Tlaga Dal bisa nganggo manéka kendaraan. Tlaga iki cedhak karo papan anggegana ing Badgam, kang adohé 7 km saka tlaga. Tlaga Dal iku bisa kasebut nalika tlaga masarakat, mula masarakat kanthi gampang menyang papan iki, amarga tlaga iki kagayut marang dalan-dalan ing Indhi. Nanging laladan tlaga iki ora diliwati sepur, amarga durung lumadiné rèl ing tlatah iki.[3] Rèl sepur kang cedhak dhéwé ana ing 18,8 km saka papan iki.
Rujukan
↑ abc"DAL LAKE". web.archive.org. 2012-05-16. Diarsip saka sing asli ing 2012-05-16. Dibukak ing 2019-12-18.