Terasi

Ngalih menyang:

Trasi kang wis dadi
Barkas:Sambal Terasi in Sachet Finna Food.JPG
Trasi kemasan

Trasi yaiku bumbu tambahan kang padatane diwuhake ing ulah-ulahan supaya bisa nambahi sedhep. Ana telung jinis trasi yaiku trasi kang digawe saka urang rebon, terasi iwak, lan trasi campuan antawis urang lan iwak. Bahan pangan iku banjur dialusaké karo uyah. Trasi bisa dienggo ing sambel Trasi, oseng- oseng lan sapiturutè. Trasi kang becik nduweni titikan warnané luwih petheng utawa coklat semu iréng. Warna iki diasilake saka pigmen kang diduwéni dening urang utawa iwak. Teksturé ora atos ananging radha empuk.[1]

Ana ing pasar, ana 2 jinis trasi kang bisa dipilih yaiku trasi tradhisional lan trasi modern. Trasi tradhisional luwih jemèk lan nduwéni kandhutan banyu luwih akèh, saengga ora awét suwé. Trasi modern nduwéni bungkus lan teksturé garing, saengga bisa awét nalika disimpen suwé.

Rujukan

  1. Hapsari, Endah (2013-05-07). "Gemar Terasi Coba Simak Ini Dulu". Republika. Dibukak ing 2019-08-10.