Sikhisme (basa Punjabi: ਸਿੱਖੀ) punika salah satunggil agami paling ageng ing donya. Agami punika ngrembaka mliginipun nalika abad kaping-16 lan 17 ing India. Tembung Sikhisme asalipun saking tembung Sikh, ingkang tegesipun "murid" utawi "pelajar".
Kapitadosan-kapitadosan utami salebetipun Sikhisme inggih punika:
- Pitados salebetipun satunggil Gusti ingkang pantheistik. Ukara pambuka salebetipun naskah-naskah Sikh namung panjangipun kalih tembung, lan nyerminaken kapitadosan dhasar sadaya umat ingkang tangat dhumateng ajaran-ajaran salebetipun Sikhisme: Ek Onkar (Setunggil Gusti).
- Ajaran Sedasa Guru Sikh (sarta para cendekiawan Muslim lan Hindhu ingkang dipuntampi) saged dipunpanggihi salebetipun Guru Granth Sahib.
Sikhisme dipunpangaruhi pagerakan éwah-éwahan salebetipun agami Hindhu (tuladhanipun Bhakti, monisme, metafisika Weda, guru idhéal, lan bhajan) sarta Islam Sufi. Agami punika mlampah saking adat-adat sosial lan struktur salebetipun agami Hindhu lan Islam (tuladhanipun sistem kasta lan purdah). Filsafat salebetipun Sikhisme gadhah tetenger logika, sadaya (asifat komprehensif), lan panyaketan ingkang prasaja dhumateng masalah-masalah spiritual ugi material. Teologinipun penuh kaprasajan. Salebetipun etika Sikh, boten wonten konflik antawisipun tugas pribadi dhumateng dhiri piyambak kaliyan masarakat.
Sikhisme asalipun saking laladan Punjab ing India, nanging sapunika pendhèrèkipun ugi saged dipunpanggihi ing manéka papan ing donya ingkang gadhah komunitas India. Ing Asia Kidul-wétan, umat Sikh kathah dipunpanggihi ing Malaysia lan Singapura. Umat Sikh saged dipuntepangi liwat namanipun ingkang kathah-kathahipun dipunpungkasi Singh kanggé kakung lan Kaur kanggé pawèstri.
Sedasa Guru Sikh
Kessedasa Guru salebetipun Sikhisme inggih punika:
Guru Granth Sahib punika tèks suci ingkang dipunanggep déning para pendhèrèk Sikhisme minangka Guru kesewelasipun.