Gréja-Gréja Katulik Ritus Wétan iku Gréja-Gréja partikular otonom (utawa sui iuris, sajeroning basa Latin) sing ana sajeroning persekuthuan penuh karo Biskop Roma, Sri Paus. Gréja-Gréja iki nglestarèkaké tradhisi-tradhisi liturgi, téologi, lan dhévosi saka manéka Gréja-Gréja Kristiani Wétan sing duwé gegandhèngan karo gréja-gréja mau. Gréja-Gréja Kristiani Wétan iku panci duwé prabédan dhoktrinal ing antarané gréja-gréjané, kususé antarané Gréja Ortodoks Wétan, Gréja Ortodoks Oriental, lan Gréja Wétan Asiria.[1] Mula saka iku, Gréja-Gréja Katulik Ritus Wétan iki béda-béda sajeroning wangun-wangun pangibadahan, tata-tertib sakramèn[2] lan ukum kanon, tèrminologi, donga-donga tradhisional, lan amal-salèh. Nanging Gréja-Gréja iki ngakoni yèn imané ora nyimpang saka iman Gréja-Gréja sing bebarengan wujud Gréja Katulik sing esa, kalebu Gréja Latin utawa Gréja Kulon. Kabèh Gréja sing Katulik, Wétan uga Kulon, padha dhuwur drajaté.[3] Sacara kusus, Gréja-Gréja iki ngakoni peran sentral saka Biskop Roma sajeroning Dhéwan Biskop. Gréja-gréja iki ngugemi pandhangan yèn Kritianitas Wétan wis ngrembaka suwéné maabad-abad. Sapérangan pandhangan mau diandharaké déning Paus Yohanes Paulus II sajeroning layang apostoliké Orientale Lumen nalika tanggal 2 Mèi 1995.[4]
Deleng uga
Réferènsi
Pranala njaba