Richard Kyle
Richard Kyle lair ing Melbourne, Australia tanggal 15 Dhèsémber taun 1987, umuré 31 taun. Pagawéyané yaiku, minangka aktor, modhèl, lan bintang iklan saka Australia . KarirRichard Kyle lair lan gedhé ing Australia, dhèwèké miwiti karir minangka modhèl nalika isih dadi mahasiswa jurusan film. Sadurungé lumebu modhèl, Richard Kyle cerita menawa biyén ana wong sing nyedhaki dhèwèké lan mènèhi brosur. Wong kuwi nawari Richarcd Kyle dadi modhèl amarga seneng karo carané lumaku. Richard Kyle banjur nampa tawaran dadi modhèl. Dhèwèké banjur gabung karo Agénsi Vivian's Modhèl yaiku, salah siji cara Richard Kyle gayuh karir ing donya modhèl sadurungé meranké film lan iklan. Saliyané dadi modhèl internasional, Richard Kyle ugi bintang iklan ingkang misuwur ing Thailand, papan panggonan wongtuwané tinggal, Richard Kyle misuwur dadi bintang iklan produk-produk kondhang kaya ta Head and Shoulders, Vespas, lan Nestle. Dènè ing Australia, Richard Kyle gabung karo modhèl agénsi Vivien's Modèls Agency. Senadyan duwéni getih Indonésia, Richard Kyle lair ing Australia lan gedhé ing kana. Wiwit enom, Richard Kyle wis dadi modhèl profésional kanggo kalawarti, iklan lan modhèl busana pria. Wektu iku Richard Kyle isih enom lan awaké isih kuru kaya cah enom biasané. Foto-foto Richard Kyle narik kawigatèn amarga dhèwèké ora ragu mbukak sandhangané lan nampilaké weteng lan otot-ototé ingkang kuwat lan atletik.[1] Filmografi
Sitkom
Acara TV
Iklan
Rujukan
Pranala njaba
Information related to Richard Kyle |