Pulo Rempang kanthi jembar kurang-luwih 165 km² iku pulo ing wewengkon papréntahan kutha Batam, provinsi Kapuloan Riau, Indonésia, minangka rangkaéan pulo gedhé kaloro sing dihubungaké déning enem kreteg ya iku kreteg Barelang. Pulo iki dumunung kira-kira 3 km ing sisih kidul-wétan pulo Batam lan kahubung déning kreteg Barelang angka 5 karo pulo Galang ing sisih kidul.