Perang Arab-Israèl 1948 utawi saged ugi dipunsebat "Perang Kamardikan" (Basa Ibrani: מלחמת העצמאות) utawi "Perang Pambebasan" (Basa Ibrani: מלחמת השחרור) déning tiyang Israèl, inggih punika konflik senjata ingkang kapisan saking kathah konflik Israèl lan nagari-nagari tangga tepalihipun (nagari Arab).[1].
Nalika taun 1947, Perserikatan Bangsa-Bangsa mutusaken kanggé mbagi wewengkon Mandat Britania tumrap Palèstina.[1] Nanging babagan punika boten dipunsarujuki déning nagari Arab lan ugi déning nagari-nagari Muslim.[1] Golongan Yahudi pikantuk 55% saking sadaya wewengkon kamangka sing ndunungi Yahudi namung 30% saking sadaya sing ndunungi wewengkon punika.[2] Sanèsipun punika Kutha Yerusalem ingkang dipunanggep suci, boten namung tumrap tiyang Yahudi nanging ugi déning tiyang Muslim lan Kristen, badhé dipundamel kutha internasional.[1].
Israèl dipunproklamasikaken ing tanggal 14 Mèi1948 lan sadinten salajengipun lajeng langsung dipunserang déning bala Lebanon, Suriah, Yordania, Mesir, Irak, lan nagari Arab sanèsipun.[1] Nanging Israèl saged menangaken perang punika lan saged ngrebut kirang langkung 70% saking jembaripun wewengkon mandat PPB Britania Raya, Palèstina.[1] Perang punika nyababaken kathah kaum Paléstina ngungsi saking tlatah Israèl.[1].
Cathetan suku
↑ abcdefg[Rogan, Eugene L., ed., and Avi Shlaim, ed. The War for Palestine: Rewriting the History of 1948. 2nd ed. Cambridge: Cambridge UP, 2007 p. 99.]
↑[Itzhak Galnoor (1995). The partition of Palestine: decision crossroads in the Zionist movement. SUNY Press. pp. 289–. ISBN 978-0-7914-2193-2. Retrieved 18 March 2011.]