Novi Sad iku kutha Serbia kang gedhé dhéwé sawisé Beograd lan Priština[1][2]. Jroing sensus resmi kang pungkasan ing taun 2010, kutha iki duwé populasi 299,294 jiwa, déné sing ndunungi kabupatè (municipal) yaiku 381,388 jiwa. Kutha iki dumunung ing tapel wates antara tlatah Bačka lan Syrmia, ing pinggir Kali Danube lan Danube-Tisa-Kanal Danube, lan ngadhepi pèrèng lor Gunung Fruška Gora.
Wiwit madeg ing taun 1694, Novi Sad wis dadi punjer Budaya Serbia lan ingaran Atena Serbia. Dina iki, Novi Sad minangka laladan indhustri gedhé lan punjer kauangan ékonomi Serbia; lan uga minangka tlatah konstruksi kang gedhé dhéwé ing Serbia.[3]
Jeneng
Jeneng Novi Sad ing basa Serbia tegesé "Tamduran Anyar". Minangka papan patemon budaya lan warna-warna bebrayan, Novi Sad dadi duwé jeneng ing rupa-rupa basa. Saiki, jeneng resmi kang dianggo pamaréntah lokal yaiku: Град Нови Сад (uniné: Grad Novi Sad) ing basa Serbia abjad Cyrillic; Újvidék Város ing basa Hungaria; Mesto Nový Sad ing basa Slovak; lan Город Нови Сад ing basa Rusyn. Jeneng liyané tumrap kutha iki antarané: Novi Sad ing basa Serbia sajeroning abjad Latin, basa Kroasia lan basa Rumania; Neusatz (an der Donau) ing basa Jerman; Neoplantae ing basa Latin; lan Mlada Loza ing basa Banat Bulgaria.
Sajeroning makna kang luwih jembar, jeneng Grad Novi Sad tegesé "Kutha Novi Sad", yaiku salah siji tlatah pamérangan administratif Republik Serbia. Ing makna kang luwih cilik, jeneng Novi Sad tegesé wewengkon Kabupatèn (municipality) Novi Sad. Novi Sad uga ngarujuk kanthi luwih rinci minangka pérangan (urban)kutha Novi Sad (kalebu Novi Sad proper, kutha Sremska Kamenica lan Petrovaradin, uga kadhangkala ngarujuk mung kutha Novi Sad waé tanpa Sremska Kamenica lan Petrovaradin.
Novi Sad dumunung ing Provinsi Vojvodina, kanthi jembar wewengkon 699 km²,[4] lan ing tlatah saubengé kutha, jembaré 702 km²;[5] lan ing kutha 129.7 km².[5] Kutha iki dumunung ing pinggir Kali Danube lan sabagéan saka tlatahDanube-Tisa-Kanal Danube.
Iklim
Novi Sad duwé iklim kontinental moderat, kanthi patang mangsa. Mangsa palastra luwih suwé saka mangsa semi.
Novi Sad iku kutha kang gedhé dhéwé ing Provinsi Otonom Vojvodina, lan nomer loro gedhé dhéwé ing Serbia (sawisé Beograd). Wiwit madeg, sing ndunungi kutha iki tansah nambah. Miturut sensus taun 1991, 56.2% saka sing ndunungi Novi Sad saka taun 1961 nganti 1991 asal saka panggonan liyané Vojvodina, déné 15.3% asal saka Bosnia-Herzegovina lan 11.7% saka Serbia Tengah.
Miturut sensus resmi pungkasan taun 2002, sing ndunungi kutha 216,583 jiwa lan 299,294 jiwa yèn kapétung karo tlatah saubengé. Miturut èstimasi taun 2004, ana 306,853 jiwa sing ndunungi kutha (déning kantor statistik Serbia tanggal 31 Dhésèmber, 2004. Ing sasi April 2005, populasi ing kutha Novi Sad ana 255,071 jiwa, lan populasi ing kabupatèn ana 333,895 jiwa.[6] Kutha Novi Sad duwé kapadhetan 1,673.7/km² (4,340.3/sq mi)-miturut sensus taun 2002. Sapérangan gedhé tlatah dipanggoni déning mayoritas etnik Serbia, déné ing désaKisač mayoritas saka etnik Slowak.
Wacan terusan
Boško Petrović-Živan Milisavac, Novi Sad-monografija, Novi Sad, 1987
Milorad Grujić, Vodič kroz Novi Sad i okolinu, Novi Sad, 2004
Jovan Mirosavljević, Brevijar ulica Novog Sada 1745-2001, Novi Sad, 2002
Jovan Mirosavljević, Novi Sad-atlas ulica, Novi Sad, 1998
Mirjana Džepina, Društveni i zabavni život starih Novosađana, Novi Sad, 1982
Zoran Rapajić, Novi Sad bez tajni, Beograd, 2002
Đorđe Randelj, Novi Sad-slobodan grad, Novi Sad, 1997
Enciklopedija Novog Sada, sveske 1-26, Novi Sad, 1993-2005
Radenko Gajić, Petrovaradinska tvrđava-Gibraltar na Dunavu, Novi Sad, 1994
Veljko Milković, Petrovaradin kroz legendu i stvarnost, Novi Sad, 2001
Veljko Milković, Petrovaradin i Srem-misterija prošlosti, Novi Sad, 2003
Veljko Milković, Petrovaradinska tvrđava-podzemlje i nadzemlje, Novi Sad, 2005
Veljko Milković, Petrovaradinska tvrđava-kosmički lavirint otkrića, Novi Sad, 2007
Agneš Ozer, Petrovaradinska tvrđava-vodič kroz vreme i prostor, Novi Sad, 2002
Agneš Ozer, Petrovaradin fortress-a guide through time and space, Novi Sad, 2002
30 godina mesne zajednice "7. Juli" u Novom Sadu 1974-2004-monografija, Novi Sad, 2004
Branko Ćurčin, Slana Bara-nekad i sad, Novi Sad, 2002
Branko Ćurčin, Novosadsko naselje Šangaj-nekad i sad, Novi Sad, 2004
Zvonimir Golubović, Racija u Južnoj Bačkoj 1942. godine, Novi Sad, 1991
Petar Jonović, Knjižare Novog Sada 1790-1990, Novi Sad, 1990
Petar Jonović-Dr Milan Vranić-Dr Dušan Popov, Znameniti knjižari i izdavači Novog Sada, Novi Sad, 1993
Ustav za čitaonicu srpsku u Novom Sadu, Novi Sad, 1993
Sveske za istoriju Novog Sada, sveske 4-5, Novi Sad, 1993-1994
Cathetan
↑ abPopis stanovništva, domaćinstava i Stanova 2002. Knjiga 1: Nacionalna ili etnička pripadnost po naseljima . Statistical Office of the Republic of Serbia. 2003. ISBN86-84443-00-09. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)