Mlinjo (Gnetum gnemon L.) iku siji spésies tetuwuhan wiji kabukak (Gymnospermae) wangun wit kang asalé saka Asia tropik lan Pasifik Kulon. Mlinjo ditepungi uga kanthi jeneng belinjo, tangkil (basa Sundha) utawa bago (basa Melayu lan basa Tagalog). Mlinjo akèh ditandur ing pekarangan minangka pangayom utawa wewates pekarangan lan mligi dimupangataké "woh" lan godhongé.
Béda karo anggota Gnetum liyané kang racaké wujud liana, mlinjo awangun wit. Arané wit mlinjo iku so, sauntara arané isi mlinjo iku klathak.
Dhèskripsi botani
Mlinjo wujud tuwuhan taunan wangun wit kang omahé loro (dioecious, ana indhividu lanang lan wadon). Watangé kukoh lan bisa dimupangataké minangka bahan yasan. Godhongé tunggal wangun oval mawa pucuk tumpul. Mlinjo ora ngasilaké kembang lan woh sajati amarga ora kalebu tetuwuhan ngembang. Sing dianggep woh sabeneré iku wiji kang kawungkus déning salapis aril kang ndaging.
Mupangat mlinjo
Mlinjo arang dibudidayakké kanthi intènsif. Kayuné bisa dingo minangka bahan papan. Godhongé kang isih enom (dhong so) kanggo bahan janganan (contoné ing sayur asem). "Kembang" (lanang uga wadon) lan wijiné kang isih cilik-cilik (pentil) utawa kang wis tuwa/mateng bisa didadèkaké uga minangka janganan. Wiji mlinjo uga dadi bahan baku emping.
Akir-akir iki, èlmuwan Jepang nemu yèn jebulé wiji mlinjo dudu kang njalari lelara `asem urat` kaya diwedèni déning masarakat.
Gladri
-
Wiji mlinjo kang kabungkus
aril.
-
Sayur asem migunakaké wiji mlinjo (ing pérangan kiwa ngisor, wangun kapsul) minangka salah siji janganan panglengkapé.
-
Pentil, piranti kelamin wadon mlinjo.
-
Kroto, piranti kelamin lanang mlinjo.
Pranala njaba