Max Karl Ernst Ludwig Planck (lair ing Kiel, 23 April 1858 – pati ing Goettingen, 4 Oktober 1947 ing umur 89 taun) inggih punika salah satunggalipun fisikawan saking Jerman ingkang kawentar minangka tiyang ingkang nemokaken téyori kuantum. Lair ing Kiel, Planck miwiti karieripun ing babagan fisika kanthi kuliah ing Universitas München Berlin taun 1874, lan lulus taun 1879.[2]
Planck pikantuk gelar Dhoktor ngèlmu fisika kanthi prédhikat summa cum laude saking Universitas Munich nalika panjenengenipun nembé yuswa selikur taun.[2] Ing taun 1889, panjenenganipun dados mahaguru Univeristas Berlin ngantos purna tugas nalika yuswanipun pitung puluh taun, taun 1928.[2]
Panjenenganipun kondur dhateng München taun 1880 kanggé mucal ing universitas punika.[2] Lajeng gantos dhateng Kie ing taun 1885.[2] Wonten mrika panjenenganipun nggarwa kaliyan Marie Mack ing taun 1886. Taun 1889, Plank pindhah dhateng Berlin.[2]
Taun 1889, panjenenganipun nemokaken satunggal konstanta dhasar, ingkang dipunparingi nama konstanta Planck, lan minangka conto, dipun-ginakaken kanggé ngétang ènèrgy foton. Ing taun punika, panjenenganipun ugi njlèntrèhaken unit Planck. Satunggal taun salajengipun, panjenenganipun nemokaken hukum radiasi panas, ingkang dipunsebat Hukum radiasi badan ireng Planck. Hukum punika dados landhesan téyori kuantum, ingkang nembé wonten sadasa taun salajengipun sasampunipun Plank “makarya sama” kaliyan Albert Einstein lan Niels Bohr.
Kanugrahan dhumateng Max Planck[3]
- Nobel Prize 1918
- Fellow of the Royal Society 1926
- Royal Society Copley Medal 1929
- Fellow of the Royal Society of Edinburgh 1937
- Lunar features Crater Planck
Cathetan suku
Pranala njawi
* Timeline of Nobel Prize Winners
|
---|
1901–1925 | |
---|
1926–1950 | |
---|
1951–1975 | |
---|
1976–2000 | |
---|
2001–saiki | |
---|