22 Maret - Ma Ying-jeou, kandidat Kuomintang, menangaken Pemilihan Présidhèn ing Taiwan, Républik China.(sumber)
20 - Yves Leterme dipunlantik dados Mahamantri Bèlgi sasampunipun mangsa formasi 9 sasi.
19 - Penulis fiksi èlmiyah lan ngèlmuwan kondhang Inggris, Arthur C. Clarke, séda ing Sri Langka mawa yuswa 90 taun. (sumber)
16 - Dinten Riyadi Minggu Palem kanggé umat Kristen.
14 - Gègèr ing Tibet, démonstrasi sampun wonten wiwit 10 Maret. (sumber)
12 - Lazare Ponticelli, veteran pungkasan Prancis Perang Donya I, kawiyosan Italia, séda ing Le Kremlin-Bicêtre, Prancis mawa yuswa 110 taun.(sumber)
8 - Koalisi pamaréntah Barisan Nasional menang pemilu parlemen ing Malaysia, nanging gagal nyepeng mayoritas 2/3 ing Dewan Rakyat Malaysia. (sumber)
2 - Dmitry Medvedev menangaken Pemilihan Umum Présidhèn ing Ruslan. (sumber)