Ludwig Josef Johann Wittgenstein (dipunlafalaken [luːtvɪç ˈjoːzɛf ˈjoːhan ˈvɪtgənʃtaɪn], lair ing Wina, Ostenrik, 26 April1889 – pati ing Cambridge, 29 April1951 ing umur 62 taun)[1] inggih punika salah satunggaling filsuf paling gadhah prabawa wonten ing abad 20 lan gadhah kontribusi ingkang ageng wonten ing filsafat basa, filsafat matematika[2], lan logika. Piyambakipun gadhah pamanggih bilih prakawis filsafat sajatosipun minangka prakawis basa.[3]
Piyambakipun minangka satunggaling murid Bertrand Russell, salah satunggaling filsufInggris ingkang kawéntar ing Universitas Cambridge, ingkang gadhah prabawa ageng sanget wonten ing pandangan ing ngajeng. Wittgenstein mulang wonten ing Trinity College, Cambridge lan dumugi pungkasaning gesang dumunung wonten ing kutha punika.
Asal-usul
Wittgenstein inggih punika putra satunggaling industriawan ingkang sugih sanget. Nanging Ludwig Wittgenstein boten remen kaliyan bab-bab kadonyan lan piyambakipun boten nuntut warisaning bapakipun.
Éwadéné bapakipun nganut agama Protèstan lan ibunipun nganut agamaKatolik, ingkang lajeng ndhèrèk agama ibunipun, sajatosipun kekalih tiyang sepuhipun taksih minangka keturunan Yahudi.
Wittgenstein ingkang utama dipunkenal amargi paham filsafatipun nalika gesangipun éwah lan dados bènten kanthi total saèngga kadang kala tiyang nyebutipun minangka Wittgenstein I lan Wittgenstein II.
Paham
Wittgenstein inggih punika panulis Tractatus Logico-Philosophicus ingkang minangka sumber inspirasi kaum logis-positivis wonten ing bab analisis antawising pernyataan ingkang gadhah makna kaliyan pernyataan ingkang boten gadhah makna. Piyambakipun ngandharaken punika lumantar téyori pemaknaan ingkang dipunkenal minangka téyori gambar. Wonten ing karya salajengipun, Philosphical Investigations, piyambakipun ngoreksi pamanggih wiwitanipun wonten ing bab Tractatus lan langkung nengenaken pendekatan holistik-praktis wonten ing pendekatan tumrap prakawis basa. Pamanggih punika mangaruhi para filsuf ingkang nganut pahamordinary language philosophy, kados déné Gilbert Ryle.[4]
Karya
Logisch-Philosophische Abhandlung, Annalen der Naturphilosophie, 14 (1921)