Tolstoy ing Mèi, 1908, patang sasi saurunge tanggap warsa kaping 80 (dipoto ana Yasnaya Polyana déning Sergey Prokudin-Gorsky; poto berwarana sepisanan dijipuk ana Ruslan)
Ing taun 1851, Tolstoy pindhah ing Kaukasus banjur lumebu résimen artileri.[3]
Ing wektu iku, Tolstoy wiwit nulis sastra.[3]
Tolstoy duwé tékad mangertèni donya saindengé, banjur nyoba njlèntrèhaké kayakinan filosofis lan rélijiusé nganggo karya fiksiné lan latar wuri kadadéan donya.[3]
Ing taun 1910, Tolstoy séda ing stasiun sepur ing laladan kapencil.[3]
Tolstoy kondhang amarga rong karyané, War and Peace lan Anna Karenina, kang dianggep novèl paling apik kang naté ditulis.[1]
Dhèwèké uga kondhang minangka guru moral lan agama.[1]
Latar wuri
Tolstoy keturunan bangsawan kondhang ana 210 km kidul Moskow.[1]
Ibuné asma Mariya Nikolayevna, née Princess Volkonskaya, séda saurungé dhèwèké umur rong taun.[1]
Bapaké asma Nikolay Ilich, Graf (count) Tolstoy, séda taun 1837.[1]
Simbah putriné séda 11 sasi lebaré, banjur bu like Aleksandra taun 1841.[1]
Tolstoy karo papat seduluré banjur diemong buliké ana Kazan, ana pérangan kulon Ruslan.[1]
Tatyana Aleksandrovna Yergoskaya (utawa "Bu Lik Toinetter" undang-undangané), duwé prabawa kang gedhé kanggo dhèwèké wektu nom-nomané.[1]
Karyané kang sepisanan, Destvo (1852; Childhood), ya iku fiksi lan pengalamané wektu bocah.[1]
Pawiyatan
Tolstoy kadhaptar ana University of Kazan ing 1844 ana basa Oriental, diwulang déning tutor ana ngomah.[1]
Bijiné kang ora nyukupi meksa dhèwèké pindhah ana fakultas ukum kang kurang nuntut, dhèwèké nulis perbandingan the Spirit of Laws-é Montesquieu lan nakaz (instruksi kodhe ukum) Catherine II.[1]
Lebar metu saka universitas tanpa gelar, Tolstoy bali nèng Yasnaya Polyana, dhèwèké duwé rencana ndhidhik awaké dhéwé, ngurus omah-omahé, lan réwangé.[1]
Taun 1851, dhèwèké bareng karo kakangé, Nikolay, perwira wadya, ana Kaukasus banjur lumebu wadya.[1]
Dhèwèké mèlu perang mungsuh pribumi lan Perang Crimea (1953-1856).[1]
Pakaryan
Nom-nomané, dhèwèké nulis jurnal ngenani pangrembakan moral lan spiritualé.[4]
Dhèwèké makarya lan nemu tujuan uripé.[4]
Tuwané, cathetan mau dadi reflèksi langsungé ngenani tujuaning urip, diklumpukaké saka kadohan, kaorasampurnan, lan kasangsaraning urip.[4]
Dhèwèké nemu lelipur ana tulisan-tulisan filsuf, téyologis, lan ilmuwan.[5]
Kang banjur ditulis ana Confession taun 1884.[5]
Dhèwèké nemu wawasan ana urip padinané wong tani Ruslan kang nyritakaké yèn saben wong kudu ngabekti marang Gusti tinimbang urip kanggo awaké dhéwé.[5]
Ékskomunikasi
Nututi kondhangé Anna Karenina, Tolstoy ngrasa ora kepénak karo latar wuri aristokratis lan bandhané, kang marakaké krisis émosional lan spiritual.[2]
Dhèwèké banjur nekokaké kaprecayané marang agama kang diorganisir.[2][5]
Dhèwèké mandheng iku ngrusak interprétasi ajaran Yesus Kristus.[2]
Tolstoy nolak ritual rélijius, nékokaké/nyerang peran agama lan hak kepemilikan.[2][5]
Taun 1901, dhèwèké kena ékskomunikasi déning Gréja Ruslan Ortodoks.[2][5]