Lempuyang utawa kang diarani Zingiber spp. iku salah siji tuwuhan rimpang kang kagolong tuwuhan bumbon crakèn. Lempuyang iku kagolong tuwuhan tahunan, dhuwuré bisa nganti 1,75 mèter. Tuwuhan iki duwé wit kang semu, wit thukul saka kelopaké godhong kang silih ngebungkus. Godhong wujudé kaya tombak, bunder dawa, pucuké lancip lan bongkoté cilik. Kembangé saka umbi batang kang ing pucuke ana bonggolé. Tuwuhan iki bisa urip ning alam babas lan bisa urip ing panggonan kang dhuwuré 0-1.200 mèter mèter sadhuwuré sagara.[1]
Lempuyang ana telung werna, ya iku: lempuyang pahit (Zingiber americanus BI), lempuyang wangi (Zingiber aroamticum vahl), lan lempuyang gajah (Zingiber zerumber S).[2]
Cara ngembangké lempuyang iku nganggo rimpang. Cara ngopèni tuwuhan iki kaya tuwuhan lumrahé, kudu cukup banyuné kanthi ara disiram lan dijaga kelembapan udarané lan diwènèhi rabuk kompos utawa rabuk organik. Tuwuhan iki merlokaké srengéngé kang cukup.[4]
Kasiat
Lempuyang iku tuwuhan kang bisa digunakaké dadi bahan usada:[4]
Lara empedu.
Rhizoma seger, ditumbuk, banyune diperes.
Lara weteng, bocah kejang-kejang.
Lempuyang gajah, bengle, kunir, sunti diulek nganti alus lan didokok ing nduwure weteng, utawa digodhog diombe banyune.
Nambah nafsu mangan.
Rimpang, ditambah kapur sithik, diulek, tambahi banyu, diperes, banjur diombe.
Diare lan disentri.
Rimpang, ditambahi kapur sithik, diulek, ditambahi, diperas, banjur diombe.
Rimpang lempuyang pahit diuleg banjur dicampur lenga klapa lan awulayan, banjur dioleske ing panggonan kang lara.[1]
Nambah getih
Rimpang lempuyang wangi diparut, dicampur karo gula jawa, lan digodhog karo banyu sacukupe. Banyuné diombé sadina kaping telu akèhé sasendok mangan.[1]
Cathetan sikil
↑ abc[Muhlisah, Fauziah. 2001. Tanaman Obat Kulawarga. Bandung: Penebar Swadaya]