Von Neumann pikantuk gelar Ph.D. ing babagan matematika saking Universitas Budapest nalika umur 23 taun. Wonten ing wekdal ingkang sami piyambakipun ugi sinau teknik kimia wonten ing Switserlan. Antawising taun 1926 lan 1930, piyambakipun nyambut damel minangka dosèn wonten ing Berlin, Jerman.
Ilmu Komputer
Von Neumann dipunabadikaken namanipun minangka "arsitèktur von Neumann", inggih punika arsitèktur komputer ingkang kathah dipun-ginakaken wonten ing sapérangan ageng sistem komputer non paralèl, amargi piyambakipun ingkang kapisanan mbiwarakaken konsèp mau. Èwadènè konsèp punika dipunkembangaken déning J. Presper Eckert lan John William Mauchly wonten ing pengembangan komputer ENIAC, nama von Neumann ingkang langkung dipunkenal minangka penemu arsitèktur komputer mau.
Salah Satunggaling Penggagas Téyori Informasi
Saking sudut pandang kontribusi Von Neumann wonten ing babagan Komputing, kalebet pengaplikasian konsepipun wonten ing matematika komputer, lan aplikasi komputer wonten ing minatipun ingkang sanès inggih punika matematika fisika lan èkonomi, mbok manawi ingkang saèstu sanget ingkang dipundamel déning Herman Goldstine [1972]. Éwadéné wonten kritik tumrap perspektif Goldstine amargi piyambakipun kagayut kanthi sasètu wonten ing aktivitas-aktivitas Neumann wiwit papanggihan wonten ing Aberdeen taun 1944 dumugi kekalihipun makarya sesarengan wonten ing Institute for Advanced Studies saperlu ngembangaken mesin Institute for Advanced Studies (IAS) utawi IAS machine.[2]
Boten wonten ingkang nampik bilih visinipun bab mesin-mesin tundhanipun wonten ing sawijining infrastruktur lan ingkang sapunika dipunkenal minangka "von neumann's architecture".
Wonten ing taun 1940, nalika Claude Shannon saweg nyembut damel bab persamaan, wonten ing sawijining wekdal piyambakipun kapanggih kaliyan John von Neumann. Ing sawijining pirembagan, bab punapa ingkang badhé Shannon sebut babagan "ukuran saking ketakpastian" utawi pelemahan(atenuasi) wonten ing sinyal telepon, kanthi rujukan dhateng téyori informasinipun ingkang paling énggal.
Téyori mau sampun wonten ing wujud ingkang saé piyambak kajaba piyambakipun mrelukaken sawijining nama ingkang saé kanggé "informasi ingkang lepat"."Kénging punapa boten sebut kémawon Entropi", saran Neumann. Kapisanan,perkembangan matematika ingkang mirib sanget kados pamanggih panjengengan sampun wonten ing mekanika statistis Boltzmann, lan ingkang angka 2, boten wonten ing saged mangertosi kanthi saé punapa ingkang dipunsebut, saéngga wonten ing kathah pirembagan panjenengan badhé menang.[3]
Jean van Heijenoort, 1967. A Source Book in Mathematical Logic, 1879-1931. Harvard Univ. Press.
1923. "On the introduction of transfinite numbers," 346-54.
1925. "An axiomatization of set theory," 393-413.
1932. "Mathematical Foundations of Quantum Mechanics", Beyer, R. T., trans. Princeton U. Press.
1944. (with 'Oskar Morgenstern) Theory of Games and Economic Behavior. Princeton Univ. Press.
1966. (with Arthur W. Burks) Theory of Self-Reproducing Automata. Univ. of Illinois Press.
Secondary:
Aspray, William, 1990. John von Neumann and the Origins of Modern Computing.
Dalla Chiara, Maria Luisa and Giuntini, Roberto 1997, La Logica Quantistica in Boniolo, Giovani, ed., Filosofia della Fisica (Philosophy of Physics). Bruno Mondadori.
Goldstine, Herman, 1980. The Computer from Pascal to von Neumann.
Poundstone, William. Prisoner's Dilemma: John von Neumann, Game Theory and the Puzzle of the Bomb. 1992.
1958, Bulletin of the American Mathemetical Society 64.
1990. Proceedings of the American Mathematical Society Symposia in Pure Mathematics 50.
Von Neumann vs. Dirac — article from Stanford Encyclopedia of Philosophy which contains in-depth discussion of the relative historical significance and technical differences between the mathematical formulations of QM as carried out by Von Neumann and by Dirac.